bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 18
Job 18
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 19 →
1
Ing kono Bildad, wong Suah banjur mangsuli, calathune:
2
“Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung; pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.
3
Yagene aku kok padha dianggep kewan? Yagene aku padha kokanggep bodho?
4
Kowe kang nyuwek-nyuwek awakmu dhewe ing sajroning kanepsonmu, apa marga saka kowe bumi bakal dadi suwung sarta gunung parang mingsed saka ing panggonane?
5
Ewasamono pepadhange wong duraka bakal kapatenan, lan urubing genine ora tetep sumunar.
6
Pepadhang ing sajroning tarube dadi peteng, lan diyane kang ana ing dhuwure mati.
7
Jangkahe kang santosa kaalang-alangan, lan panimbange dhewe njalari tibane,
8
awit sikile dhewe marakake klebu ing jaring, lan lakune liwat ing tutuping luwangan pasangan.
9
Tungkake kena ing kala, lan lakune banjur kandheg marga klebu ing jiret.
10
Jalaran kapasangan tali kang kapendhem ing lemah, dalan kang diliwati dipasangi kala.
11
Ing saparan-parane tansah katempuh lan kaoyak ing pagiris,
12
tansah dadi idham-idhamaning kasangsaran, lan karusakan nganti-anti marang tibane.
13
Kuliting awake kamangsa ing lelara, malah gegelitaning awake padha kamangsa ing pambareping pati.
14
Dheweke diseret saka ing tarube, -- mangka iku panggonan kang nentremake -- banjur kagawa menyang ing ratuning pagiris.
15
Kang ana ing tarube mung kari apa kang ora ana gegayutane karo dheweke; papan padunungane kasawuran wlirang.
16
Oyode ing ngisor padha garing, lan pange ing dhuwur padha alum.
17
Pangeling-eling tumrap dheweke sirna saka ing bumi, ana ing dalan-dalan jenenge wus ora kasebut.
18
Dheweke ditundhung saka ing pepadhang menyang ing pepeteng, lan kabengkas saka ing donya,
19
ora bakal nduwe anak utawa putu ana ing satengahe bangsane, lan wong siji bae ora ana kang lestari urip ana ing papan panggonane.
20
Wong-wong Kulon bakal gumun ing bab patine, lan wong-wong Wetan bakal padha wedi.
21
Iya kaya mangkono iku tinemune papan panggonane wong kang lakune nasar, lan iya kaya mangkono iku kadadeane papan padunungane wong kang ora nganggep marang Gusti Allah.”
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42