bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 39
Job 39
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 40 →
1
Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon, lan bisa maremake marang singa enom,
2
manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane manawa padha ndingkik ana ing grumbulan?
3
Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan?
4
Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?
5
Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke?
6
Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa-garbane.
7
Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne.
8
Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?
9
Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane.
10
Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring;
11
banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo.
12
Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?
13
Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?
14
Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?
15
Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira?
16
Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?
17
Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,
18
nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan.
19
Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,
20
amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten.
21
Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.
22
Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?
23
Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni.
24
Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.
25
Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.
26
Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret.
27
Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;
28
ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.
29
Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?
30
Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?
31
Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.
32
Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;
33
anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”
34
Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:
35
“Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”
36
Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:
37
“Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.
38
Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 40 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42