bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 28
Job 28
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 29 →
1
“Pancen ana papan pamelikan salaka lan papan panglimbangan emas.
2
Wesi didhudhuk saka ing lemah sarta tembaga metu saka ing watu kang ingejer.
3
Pepeteng diuwisi dening wong, nganti tekan teleng kang jero-jero anggone nliti watu-watu kang ana ing pepeteng lan ing palimengan.
4
Wong kang padha ndhudhuk pamelikan iku adoh saka papan padunungane wong akeh, padha dilalekake dening wong kang padha lumaku ing dhuwur padha nggandhul geyang-geyong tanpa ancik-ancik adoh karo wong akeh.
5
Bumi kang nuwuhake gandum, ngisore kawolak-walik kaya dening geni.
6
Watune kadunungan watu manila kang isi mas ure.
7
Dalane mrana ora kasumurupan ing manuk galak siji-sijia lan ora kaweruhan ing matane manuk bidho,
8
ora kaambah ing kewan galak, lan iya ora ana singa kang liwat ing kono.
9
Watu kelang uga ditandangi dening manungsa, gunung-gunung padha didhungkari tekan ing dhasare.
10
Gunung parang padha diboboki digawe trowongan, mripate ndeleng samubarang kang adi.
11
Rembesing kali-kali padha dibunteti lan apa kang sumimpen diwetokake marang ing pepadhang.
12
Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi, lan ana ing ngendi dununge akalbudi?
13
Manungsa ora sumurup marang ajine, sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.
14
Calathune teleng: Aku ora kanggonan. Ujare sagara: Aku ora kadunungan.
15
Ora kena diijoli ing emas murni, utawa diregani kalawan salaka.
16
Ora kena diregani nganggo emas Ofir utawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,
17
ora kena ditandhing karo emas utawa kaca, utawa diijoli rerenggan emas murni.
18
Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku. Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.
19
Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi; iya ora kena diajeni nganggo emas murni.
20
Kawicaksanan iku saka ngendi asale, lan akal-budi iku ana ngendi panggonane?
21
Iku sinamar tumrap mripate wong urip, malah uga sinamar tumrap manuk ing awang-awang.
22
Kasusahan lan pati calathu: Kupingku mung krungu wartane bae.
23
Gusti Allah kang mirsa dalan kang anjog marang kawicaksanan sarta nguningani dununge.
24
Amarga paningale nyrambahi tekan ing pungkasane bumi, sarta mirsa apa kang ana ing sangisoring langit kabeh.
25
Nalika Panjenengane netepake kakuwataning angin, lan nemtokake kehing banyu,
26
nalika damel katetepan tumrap udan lan dalaning kilate gludhug,
27
nalika iku Panjenengane nguningani kawicaksanan kang banjur kawartakake, katetepake, malah iya katiti-priksa;
28
nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42