bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 3
Job 3
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 4 →
1
Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane;
2
pangucape mangkene:
3
“Sirnaa dina kalahiranku, mangkonoa uga wengi kang muni: Wus dadi wetengan lanang.
4
Dina iku dadia peteng, aja digalih dening Gusti Allah kang ana ing luhur, aja kasorotan ing pepadhang pisan.
5
Muga kalimputana ing pepeteng, lan palimenganing pati, kasasabana ing mendhung, kinagetna ing grahana srengenge.
6
Wengi iku -- rinayuda ing peteng ndhedhet; aja nganti abungah-bungah, ing dina-dina sajroning setahun, aja kaetung awor cacahing sasi-sasi.
7
Lah wengi iku lestaria gabug, lan aja karungu swaraning kabungahan.
8
Kasupatanana dening para kang ngipat-ipati dina, kang pinter nangekake kanepsone Lewiatan.
9
Lintang-lintang esuk padha lestaria peteng; tanpa gawe anggone ngenteni tekane pepadhang, aja nganti nyumurupi katone bangbang wetan,
10
awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku, sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.
11
Yagene aku ora mati nalika lair, lan ora pecat nyawaku nalika metu saka ing guwa-garba?
12
Yagene ana dhengkul kang nadhahi awakku; lan ana susu kang nusoni aku?
13
Saupama ora mangkono, aku rak bisa leyeh-leyeh kalawan tentrem; bisa turu lan ngaso
14
awor karo raja lan para nayaka ing jagad, kang wus padha mbangun gegempurane,
15
sarta awor para panggedhe kang duwe emas, lan omahe dikebaki salaka,
16
utawa yagene aku ora kaya bayi keluron kang kadhelikake, kaya bayi kang ora nganti ndeleng pepadhang?
17
Ana ing kono para wong dursila mari anggone gawe rerubed, sarta para wong kang nglentroh padha aso.
18
Ana ing kono para wong tawanan padha oleh katentreman, wus ora krungu swarane kang ngereh.
19
Wong cilik lan wong gedhe kaanggep padha ana ing kono, tuwin batur wus luwar saka lurahe.
20
Yagene wong papa diparingi pepadhang, lan kang prihatin kaparingan urip?
21
Kang banget kapengine mati, nanging ora mati-mati, kang anggone ngupaya ngluwihi wong kang ndhudhuk raja-brana kang kapendhem;
22
samangsa mrangguli kubure, bungahe luwih banget nganti surak-surak;
23
wong lanang kang dalane kaling-kalingan, kang rinupek dening Gusti Allah.
24
Awit pangesahku wus kaya dadi rejekiku, sarta panggluruhku ingesok prasasat banyu.
25
Dhasar apa kang daksumelangake, banjur tumama uga, lan apa kang dakwedeni, iya banjur nempuh.
26
Aku ora bisa ayem lan ora oleh aso utawa tentrem, mung karubedan kang nekani aku.”
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42