bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 21
Job 21
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 22 →
1
Nanging Ayub mangsuli, pangucape:
2
“Rungokna kang temenan ta calathuku, iku minangkaa panglipurmu.
3
Aku sabarana, aku dakcalathu, sawuse iku kowe padha kena memada.
4
Apa marang manungsa anggonku sesambat sarta kapriye anggonku ora pegel atiku?
5
Aku ingetna, temah kowe bakal padha kaeraman lan nutup tutukmu kalawan tangan.
6
Manawa dakpikir, aku dadi wedi lan awakku banjur gumeter.
7
Yagene wong duraka kok lestari urip, dadi tuwa, malah wuwuh-wuwuh kakuwatane?
8
Tansah rinubung ing anak putune, turune padha ana ing ngareping mripate.
9
Omahe padha tentrem, ora ana rasa wedi ora ketiban ing gebaging Allah.
10
Sapine lanang padha macek lan mesthi dadi, sapine wadon padha manak ora tau keluron.
11
Anak-anake lanang padha diumbar kaya pepanthan wedhus; anak-anake padha alincak-lincak,
12
padha tetembangan digameli trebang lan clempung, sarta padha bungah-bungah manut swaraning suling.
13
Sajege urip padha ngrasakake kamukten lan kalawan tentrem anggone tumurun ing jagate wong mati.
14
Nanging ujare marang Gusti Allah: Sumingkira saka ing aku! Aku padha ora seneng nyumurupi dalan-dalanmu.
15
Kang Mahakuwasa iku sapa ta, dene aku kok padha kudu ngabekti marang Panjenengane, sarta apa gunane, manawa aku padha nyenyuwun marang Panjenengane?
16
Pancen, kabegjane iku ora dumunung ana ing tangane. Rancangane wong duraka iku adoh saka ing aku.
17
Damare wong duraka iku kerep dipateni; padha ketaman ing sangsara, sarta padha kapanduman kasusahan dening Allah sajroning bendu.
18
Padha kaya dami ana ing ngareping angin, kaya mrambut kabur ing prahara.
19
Bilaine kasimpen dening Allah kanggo anak-anake. Prayogane wong iku dhewe kang diganjar dening Gusti Allah, supaya krasa,
20
prayogane mripate dhewe supaya nyumurupi karusakane, lan awake dhewe ngombe bebendune Kang Mahakuwasa!
21
Awit dheweke isih mreduli apa marang brayate sawuse mati, yen wus entek gunggunging sasine?
22
Mangsa Gusti Allah kok dicaosi piwulang dening manungsa, Panjenengane kang ngadili wong-wong mau saka ing ngaluhur!
23
Ana wong kang matine isih kadunungan kakuwatan pepak, kalawan tentrem lan santosa,
24
bangkekane lemu dening gajih, lan sungsume balung-balunge isih seger.
25
Ana maneh kang matine kalawan lara atine, lan ora tau ngrasakake kanikmatan.
26
Nanging kabeh padha sumeleh ing sajroning lemah, lan padha karubung ing set.
27
Lah aku wus sumurup, kang dadi pikiranmu, lan akal kaculikan kang kokrancang tumrap aku.
28
Ujarmu: Ngendi omahe kang nyekel pangwasa, endi tarub kang dienggoni dening wong-wong duraka?
29
Apa kowe padha durung tau takon marang wong-wong kang lumaku ing dalan? Apa kowe bisa mbantah marang pituduhe,
30
yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai, lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?
31
Sapa kang bakal terus nggugat bab kalakuane lan ngganjar marang panggawene?
32
Dheweke digawa menyang ing pakuburan, lan kubure direksa ing wong.
33
Kapenak anggone katutupan ing prongkalan-prongkalan lemah ing lebak; saben wong ngetutake dheweke, lan kang wus ndhisiki tanpa wilangan.
34
Banget kothonge panglipurmu marang aku iku! Kabeh wangsulanmu iku mung apus-apus blaka.”
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42