bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 14
Job 14
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 15 →
1
“Manungsa ingkang lair saking tiyang estri, celak umuripun, tuwuk ing kasisahan,
2
mekar kadosdene sekar lajeng alum, icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun.
3
Punapa inggih Paduka badhe karsa mirsani tiyang ingkang kados makaten punika saha badhe Paduka tarik dhateng ing pangadilan Paduka?
4
Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember? Satunggal kemawon temtu boten wonten!
5
Ingkang punika sarehning umuripun manungsa sampun kapesthekaken watesipun, tuwin cacahing wulanipun sampun Paduka temtokaken, punapa dene wates-watesipun sampun Paduka tetepaken, satemah boten saged kalangkahan,
6
mila Paduka mugi karsa nilar mengo, supados piyambakipun saged aso, satemah saged ngraosaken nikmating dintenipun kados tiyang berah.
7
Amargi tumraping wit-witan taksih wonten pangajeng-ajengipun; manawi kategor, medal trubusipun malih, ingkang nunten gesang ing salajengipun.
8
Sanadyan oyodipun dados sepuh wonten ing salebeting siti, sarta tunggakipun ngantos pejah dumunung ing lebu,
9
ewasemanten angger mambet toya, mesthi semi sarta medal pangipun ingkang dados taneman enggal.
10
Nanging manawi tiyang nemahi pejah sampun boten gadhah daya kakiyatan malih; manungsa manawi sampun pejah, tiyang wau lajeng wonten ing pundi?
11
Kadosdene toyanipun tlaga ingkang nguwab tuwin lepen ingkang asat saha pejah,
12
makaten ugi manungsa inggih ambruk, saha boten tangi malih, ngantos dumugi sirnanipun langit sami boten tangi utawi ginugah anggenipun tilem.
13
Iba begja kawula saupami Paduka karsa ngumpetaken kawula wonten ing teleng palimengan; manawi Paduka karsa ngaling-alingi kawula ngantos sasirepipun bebendu Paduka sarta saupami Paduka karsa paring wangenan lajeng Paduka enget dhumateng kawula!
14
Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.
15
Paduka lajeng badhe nimbali kawula, saha kawula badhe ngunjuki wangsulan; Paduka badhe kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.
16
Paduka lajeng boten badhe nggatosaken dosa kawula, sanadyan Paduka mical jangkah kawula,
17
panerak kawula lajeng sami kalebetaken ing kanthong ingkang kasegel, sarta Paduka badhe nutupi rapet kalepatan kawula.
18
Nanging kadosdene redi ingkang jugrug lajeng ajur, saha parang ingkang pindhah panggenan,
19
tuwin kadosdene toya ingkang nggripisaken sela, sarta santering ilinipun ngentiraken lebuning siti, inggih kados makaten anggen Paduka nglebur pangajeng-ajenging manungsa.
20
Manungsa Paduka wisesa salaminipun lajeng kesah, Paduka ewahi rainipun lajeng Paduka tundhung;
21
boten nyumerepi anggening anakipun sami angsal kadrajatan, utawi sami dhawah ing kanisthan inggih boten dipun mangretosi.
22
Namung badanipun ingkang njalari piyambakipun nandhang perih, saha margi saking piyambakipun piyambak, nyawanipun nandhang sedhih.”
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 15 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42