bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 29
Job 29
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 28
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 30 →
1
Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:
2
“Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur, kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,
3
nalika dilahe mayungi sirahku, sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;
4
kaya nalika mempeng-mempenging umurku, nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,
5
nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku, tuwin aku rinubung ing anak-anakku,
6
nalika tapaking sikilku adus susu, lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.
7
Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha, tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,
8
para nonoman bareng weruh tekaku banjur padha mundur, dene para wong kang wus uwanen padha ngadeg mapan;
9
para panggedhe padha leren anggone guneman padha nutupi tutuke;
10
sidhem swarane para pangarep, ilate kraket ing cethake.
11
Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu, lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.
12
Awit wong kang sangsara kang njaluk tulung iya banjur dakpitulungi, samono uga bocah lola lan wong kang sepi ing pitulungan.
13
Wong kang arep nemu bilai ngucapake berkah marang aku, sarta aku gawe bungahing atine randha.
14
Kabeneran kang dadi sandhanganku tuwin aku nganggo kaadilan kayajubah lan sreban.
15
Aku dadi mripat tumrap wong wuta, sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.
16
Aku dadi bapa tumrap wong miskin, tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.
17
Wong dursila dakremuk untune, lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.
18
Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku, lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.
19
Oyodku tekan ing banyu, lan pang-pangku padha kainepan ebun.
20
Aku tansah kadunungan kamulyan kang seger, sarta gandhewaku pulih nom ana ing tanganku.
21
Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti, padha nampani pituduhku kalawan meneng.
22
Sarampunging pituturku, ora ana wong kang calathu maneh, sarta tembung-tembungku padha tumetes marang wong-wong mau.
23
Aku diarep-arep kayadene ngenteni tibane udan, tuwin padha ngangapake cangkeme kaya nadhahi udan kiriman.
24
Padha daksumehi manawa padha semplah, lan padha ora bisa nyuremake cahyaning raiku.
25
Aku kang nemtokake dalane lan dadi pemimpine. Aku lungguh kaya ratu ana ing satengahing rakyat, kayadene wong kang nglipur marang kang padha nandhang susah.”
← Chapter 28
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 30 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42