bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 41
Job 41
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 40
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 42 →
1
Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku, lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?
2
Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet? Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.
3
Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku, bab karosane lan endahing pawakane.
4
Sapa kang bisa mbukak jubahe? Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?
5
Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme? Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.
6
Gigire awujud tameng-tameng kang santosa, kang kraket rapet kaya segel.
7
Siji lan sijine gandheng rapet nganti ora bisa klebon angin;
8
kang siji kelet karo sijine cathok-cinathok ora kena kapisah.
9
Samangsa wahing metu sunare, matane kaya pletheking bangbang wetan.
10
Cangkeme metu obore, lan nyemburake geni kang pating pletik.
11
Lenging irunge metu kukuse kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.
12
Ambekane ngobong areng, cangkeme metu genine.
13
Githoke kadunungan kakuwatan, pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
14
Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket. kraket ing awake ora glembyar-glembyor.
15
Atine atos kaya watu, atose kaya watu landhesaning panggilingan.
16
Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter dadi bingung jalaran wedi.
17
Manawa dipedhang ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.
18
Wesi dirasa kaya dami, tembaga kaya kayu gapuk.
19
Panah ora bisa nglungakake, bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.
20
Gada dianggep merang sarta sumiyuting towok digeguyu.
21
Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip, manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.
22
Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil, sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.
23
Tabeting lakune sumunar, satemah samodra kakira uwan dening wong.
24
Ing salumahing bumi ora ana kang madhani, iku makhluk kang ora kadunungan wedi.
25
Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku, iku dadi ratune sakehing kewan galak.”
← Chapter 40
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 42 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42