bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 23
Job 23
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 24 →
1
Nanging Ayub mangsuli, pangucape:
2
“Saiki pasambatku dadi pambalela, astane menet aku, satemah aku sesambat.
3
Ah, muga aku bisa sumurup kapriye anggonku ketemu kalawan Panjenengane, lan diparengake sowan marang ing daleme.
4
Aku banjur bakal njlentrehake prakaraku ana ing ngarsane, lan cangkemku bakal dakkebaki atur panjawab.
5
Aku mesthi bakal nyumurupi wangsulan-wangsulan kang diparingake marang aku, sarta aku bakal mangreti, apa kang dipangandikakake marang aku.
6
Apa Panjenengane kang asipat Mahakwaos iku karsa prakaran kalawan aku? Ora, Panjenengane mesthi bakal ngudaneni aku.
7
Wong kang jujur iku kang bakal nglawan padu ana ing ngarsane, lan aku mesthi bakal uwal babar pisan saka ing Hakimku.
8
Manawa aku lumaku mangetan, panjenengane ora ana ing kana, utawa mangulon, aku ora mrangguli Panjenengane.
9
Dakgoleki mangalor, Panjenengane ora katingal; genti mangidul, aku ora sumurup Panjenengane.
10
Dhasar Panjenegane nguningani lakuning uripku; manawa aku dileler, kaya emas anggonku metu.
11
Sikilku tetep ndherekake tindake, aku lumaku ing margine lan ora bakal nyimpang.
12
Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak; dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.
13
Nanging Panjenengane ora tau ewah -- Sapa kang bisa ngalang-alangi Panjenengane? Apa kang dikarsakake, iya banjur ditindakake.
14
Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku, lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.
15
Mulane atiku gumeter ana ing ngarsane, manawa iku kabeh dakpikir, aku banjur wedi banget marang Panjenengane.
16
Gusti Allah wus damel aku semplah Kang Mahakuwasa wus damel atiku gemeter,
17
sabab aku sirna ora marga saka pepeteng, lan uga ora marga saka raiku katutupan ing peteng ndhedhet.”
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 24 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42