bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 12
Job 12
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 13 →
1
Ayub tumuli mangsuli, pangucape:
2
“Lah iya kowe iku kang jeneng manungsa, manawa kowe padha mati, kawicaksanan iya mati bebarengan karo kowe.
3
Aku iya duwe pikiran kaya kowe, aku ora kalah karo kowe; sapa kang durung tau nyumurupi kang kaya mangkono iku?
4
Aku iki dadi pepoyokane pepadhaku, aku kang manawa sesambat marang Gusti Allah banjur disembadani, wong kang utama lan mursid dadi pepoyokan.
5
Saka panemune wong kang tentrem uripe, wong kang sangsara iku pantese dicacad, iku rinasa kaya gebug tumrap wong kang sikile kajengklok.
6
Tarube wong kang ngrusak padha tentrem sarta wong kang memungu dukaning Allah padha ngalami katentreman, samono uga para wong kang arep nggegem Gusti Allah ana ing tangane.
7
Nanging takona ta marang kewan, iku mesthi padha mangretekake kowe, sarta takona ta marang manuk ing awang-awang, mesthi kowe disumurupake,
8
utawa tutura marang bumi, iku mesthi bakal aweh piwulang marang kowe, dalasan iwak ing sagara bakal carita marang kowe.
9
Panunggalane iku kabeh sapa kang ora sumurup, manawa astane Gusti Allah kang nindakake iku;
10
manawa nyawane kabeh kang kumelip lan napase saben manungsa iku dumunung ana ing astane?
11
Kuping apa ora nguji tembung-tembung, kayadene cethak anggone ngrasakake pangan?
12
Apa dudu para wong tuwa kang padha kadunungan kawicaksanan, sarta wong kang wus akeh umure iku kang duwe pangreten?
13
Nanging Gusti Allah iku kang kagungan kawicaksanan lan pangwaos. Iya Panjenengane iku kang dadi etuking pangulir budi lan kawasisan.
14
Manawa panjenengane mbebongkar, ora ana kang bisa mbangun maneh. Manawa Panjenengane nangkep wong, ora ana kang bisa ngluwari.
15
Manawa Panjenengane mbendung banyu, banjur asat kabeh. Manawa Panjenengane marengake mili maneh, banjur ngelebi bumi.
16
Panjenengane ngasta pangwaos lan kaunggulan iya kang nguwaosi wong kang kesasar lan wong kang nasarake.
17
Panjenengane kang nggiring lan nglukari para mentri, sarta kang damel bodhoning para hakim.
18
Panjenengane kang nguculi blenggu kang dietrapake dening para raja, kang banjur padha tinalenan bangkekane kalawan tali pangiket.
19
Panjenengane kang nggiring lan nggledhah para imam, lan nggolingake wong kang santosa.
20
Panjenengane kang mbungkem cangkeme para wong kang dipracaya, sarta para wong tuwa padha diilangi nalare.
21
Panjenengane kang ngesoki cecamah para wong luhur sarta kang nguculi sabuke para wong kang santosa.
22
Panjenengane kang miyak wewadining pepeteng lan ndhatengake peteng ndhedhet ana ing pepadhang.
23
Panjenengane kang ndadosake tangkar-tumangkare lan tumpesing para bangsa, sarta kang damel ngambra-ambrane banjur kaboyongan.
24
Panjenengane kang damel para pemimpining jagad padha koncatan akal sarta kesasar ana ing pasamunan kang ora ana dalane,
25
padha gagap-gagap ana ing pepeteng kang ora ana pepadhange; apadene padha kadamel gloyoran kaya wong mendem.”
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42