bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 13
Job 13
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 14 →
1
“Lah iku kabeh wus dakdeleng kalawan mripatku, dakrungu kalawan kupingku lan dakmangreteni.
2
Apa kang padha koksumurupi, iku iya daksumurupi, aku ora kalah karo kowe.
3
Nanging aku arep munjuk marang Kang Mahakuwasa, aku kapengin mbelani prakaraku ana ing ngarsaning Allah.
4
Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu, sarta padha dadi dhukun kang palsu.
5
Saupama kowe padha meneng babar pisan, iku malah dadi kawicaksananmu.
6
Rungokna ta wangsulanku lan gatekna panjawabing lambeku!
7
Apa kowe gelem goroh kagem Gusti Allah, apa kowe gelem ngapusi kagem Panjenengane?
8
Apa kowe gelem mbelani Gusti Allah sarta bebantahan kanggo mbelani Panjenengane?
9
Apa prayoga, manawa Panjenengane niti-priksa marang kowe? Apa kowe bisa ngapusi Panjenengane kaya ngapusi marang wong?
10
Kowe bakal padha kaukum kalawan keras manawa kowe mbelani kalawan ora ngeblak.
11
Apa kamulyane Gusti Allah iku ora bakal ngagetake kowe, sarta apa kowe ora bakal ketiban ing pagirise?
12
Pepeling-pepelingmu iku wulang bebasan lebu lan tamengmu iku tameng lempung.
13
Padha menenga! Aku arep calathu, nadyan apa bae kang bakal tumempuh marang aku, daksanggane!
14
Dagingku arep dakjupuk kalawan untuku, lan nyawaku arep daksangga ing tanganku.
15
Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pangarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.
16
Panjenengane bakal dadi kaslametanku, nanging wong lamis ora kena seba ing ngarsane.
17
Rungokna kang tumenan tembung-tembungku, lan gatekna katranganku!
18
Sumurupa, aku wus nyawisake prakaraku, aku yakin, manawa aku bener.
19
Sapa kang keconggah pepadon karo aku, iya wis, aku dakmeneng bae banjur dakmati.
20
Namung kalih prakawis ingkang mugi sampun Paduka tundukaken dhumateng kawula, dados kawula boten badhe ndhelik saking ing ngarsa Paduka,
21
inggih punika: Asta Paduka mugi Paduka singkiraken ingkang tebih saking kawula, kaliyan malih kawula sampun ngantos gumeter margi saking pagiris Paduka,
22
lajeng Paduka mugi nimbali kawula, kawula inggih badhe ngaturi wangsulan; utawi kawula ingkang munjuk saha Paduka ingkang paring wangsulan.
23
Sapinten ta agenging kalepatan saha dosa kawula? Kawula mugi Paduka sumerepaken dhateng panerak saha dosa kawula.
24
Punapa sababipun dene Paduka ngantos nyingidaken wadana Paduka saha kawula Paduka anggep mengsah?
25
Ron kabur kanginan kok Paduka damel geter; dami garing kok Paduka bujeng-bujeng!
26
Sabab kawula Paduka etrapi ingkang pait getir, kalepatan nalika nem-neman kawula punika Paduka dhawahaken dhateng kawula,
27
suku kawula Paduka belok, sarta salampah-lampah kawula Paduka ulat-ulataken, tlapakan kawula Paduka pasangi pepalang,
28
mangka punika tumrap dhateng tiyang ingkang sampun ringkih kados kajeng gapuk, kados sinjang ingkang dipun tedha ing renget.”
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42