bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 27
Job 27
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 28 →
1
Ayub mbacutake andharane, tembunge:
2
“Demi Allah kang ora paring kaadilan marang aku lan demi Kang Mahakuwasa kang nandukake pait-getir marang nyawaku,
3
salawase ambekanku durung suda, sarta napas kang saka ing Gusti Allah isih ana ing irungku,
4
lambeku sanyata ora bakal ngucapake kang dora lan ilatku ora bakal nglairake kaculikan.
5
Aku babar pisan ora mbenerake kowe! Nganti aku mati aku tetep ngukuhi, yen aku ora luput.
6
Kabeneranku dakgondheli kenceng, lan ora bakal dakeculake; atiku ora bisa nacad dinane uripku siji-sijia.
7
Mungsuhku cikben ngrasakake kaya wong duraka, lan wong kang nglawan marang aku kaya wong culika.
8
Awit apa ta pangarep-arepe wong duraka, manawa Gusti Allah munggel lan mundhut uripe?
9
Apa Gusti Allah bakal midhangetake panjerite, manawa ketaman ing karupekan?
10
Apa bisa seneng-seneng marga saka Kang Mahakuwasa sarta tansah nyebut marang Gusti Allah?
11
Aku arep nyumurupake marang kowe bab astaning Allah, apa kang dikarsakake dening Kang Mahakuwasa ora bakal daksidhem.
12
Sabenere kowe kabeh wus padha nyumurupi dhewe; yagene kowe padha mikir kang ora-ora?
13
Yaiki pandumane wong duraka kang katemtokake dening Gusti Allah, lan ganjarane wong ambek-siya peparinge Kang Mahakuwasa:
14
manawa anake dadi akeh padha dadi pakaning pedhang sarta anak-putune bakal kekurangan pangan.
15
Dene kang isih urip bakal mudhun marang kluwat marga saka pageblug, ora kalawan ditangisi dening randhane.
16
Manawa numpuk bandha kehe nganti kaya lebu, lan numpuk sandhangan nganti kaya lempung,
17
sanadyan dheweke kang numpuk, nanging kang nganggo wong kang bener, sarta wong kang ora salah kang bakal ngedum-edum dhuwite iku.
18
Anggone ngedegake omah kaya jaringing kemangga, kaya gubug gaweane tukang jaga.
19
Anggone nggleyeh kaya wong sugih, nanging iku ora bakal kelakon maneh, bareng ngelekake mripate, samubarang kabeh wus ora ana.
20
Wong mau tinempuh ing pagiris kayadene panempuhing banjir, ing wayah bengi kagawa kabur ing prahara,
21
kabandhang dening angin wetan nganti sirna, kabuncang saka ing panggonane.
22
Binenturan dening Allah tanpa welas, kalawan gugup anggone ngoncati astane.
23
Dikeploki ing wong akeh sarta disingsoti saka ing papan panggonane.”
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 28 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42