bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 36
Job 36
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 35
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 37 →
1
Elihu calathu maneh, tembunge:
2
“Sing sabar sadhela engkas, kowe arep dakwulang, awit isih ana kang arep dakkandhakake atas asmane Gusti Allah.
3
Aku arep ngetokake kawruhku kang muluk-muluk sarta mbenerake kang nitahake aku;
4
awit sanyata ora goroh tembungku, kang arep-arepan karo kowe iki wong kang sampurna kawruhe.
5
Sumurupa, Gusti Allah iku prakosa, nanging ora ana barang kang karemehake, prakosane iku ing bab kakuwataning akal-budi.
6
Wong duraka ora padha dilestarekake urip, nanging wong kang sangsara padha kaparingan kaadilan.
7
Panjenengane ora menga-mengo anggone mirsani marang wong bener, nanging iku salawas-lawase padha kaparingan papan sandhing para raja ana ing dhampar, satemah padha linuwih kaluhurane.
8
Manawa padha kablenggu kalawan rante tinalen ing kasangsaran,
9
Gusti Allah banjur ngengetake marang panggawene lan panerake, yaiku anggone gumunggung
10
sarta nuli kupinge kawengakake supaya bisa nampani piwulang, tuwin dhawuh supaya padha ngungkurake piala.
11
Manawa padha ngrungokake kalawan sumuyud, uripe bakal sinandhangan ing kabegjan ing salawase, sarta mukti nganti tekan ing wekasaning taune.
12
Ewasamono manawa padha ora ngrungokake mesthi bakal padha mati kena ing tumbak sarta sirna ing sajroning kabodhoane.
13
Para wong kang atine duraka iku padha nyimpen bebendu; lan ora gelem sesambat manawa kablenggu dening Panjenengane;
14
nyawane sirna sajrone isih enom, uripe cuthel durung wancine.
15
Wong sangsara diuwalake sarana sangsara, kupinge kawengakake sarana panindhes.
16
Kowe uga karimuk bisane metu saka ing karupekan menyang ing papan kang omber kang sepi ing panindhes, marang meja kang swasanane tentrem lan kang kebak pangan kang nggajih.
17
Nanging kowe wus samesthine tampa kabeh paukumane wong duraka, kowe kacengkerem dening paukuman lan kaadilan;
18
panasing ati aja nganti mbujuk kowe supaya memada, lan gedhening panebus aja nganti nasarake kowe.
19
Apa kasugihanmu bisa nguwalake kowe saka ing karupekan, utawa sakehing kakuwatan anggonmu rekasa?
20
Aja cecengklungen marang bengi wancine para bangsa padha lunga saka ing papan padunungane.
21
Kowe sing ngati-ati aja nganti madhep marang piala amarga iya iku kang njalari kowe kacoba dening sangsara.
22
Sanyatane Gusti Allah iku luhur pangwasane, endi ana guru kang madhani Panjenengane?
23
Sapa kang nemtokake margine, lan sapa kang wani munjuk: Paduka sampun tumindak boten adil?
24
Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane, kang tansah dikidungake dening manungsa.
25
Kabeh wong padha ndeleng, anggone mandeng saka ing kadohan.
26
Sanyata Gusti Allah iku agung, ora kena kagayuh kalawan kawruh kita, cacahing taune ora bisa kasumurupan.
27
Tetes-tetesing banyu katarik munggah, lan mancur dadi udan awor pedhut,
28
kaesokake dening mendhung ing awang-awang kasiramake marang wong akeh.
29
Apa ana wong kang mangreti jumerenging mendhung lan swara gumuruh kang ana ing padalemane?
30
Lah Panjenengane nggelar pepadhange ing sakubenge lan ngemuli dhasaring sagara.
31
Awitdene iku margane anggone ngadili para bangsa lan anggone paring pangan nganti luber.
32
Astane sakarone kasingeban ing kilat kang kadhawuhan nyamber kang kudu tinempuh.
33
Suraking perang martakake rawuhe yaiku manawa banget-banget anggone merangi kadurakan kalawan bebendu.”
← Chapter 35
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 37 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42