bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 16
Isaiah 16
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 17 →
1
Penggedé pangwasané negara, pada ngirimna tyempé kanggo upeti sangka kuta Sela ngliwati ara-ara samun menyang gunung Sion.
2
Kaya manuk sing mabur lunga, lan isiné susuh digusah, kaya mengkono anaké wadon Moab ing sabrangané kali Arnon.
3
“Ngekèkana pitutur, bélani wewenangé, dadia pangayomé sing iyup ing wayah awan; wong-wong sing dibuwang pada delikna, aja mblénjani wong sing pada mblayu!
4
Para wong sing dibuwang sangka Moab bèn pada mondok ing panggonanmu, dadia panggonan pandelikané wong-wong kuwi kanggo sing arep ngentèkké! Yèn tumindak peksa wis ora ana, pengrusak wis ora ana lan wong seneng nindes wis entèk sangka negarané,
5
terus ana dampar sing bakal diedekaké awit sangka kawelasan lan kuwi bakal tansah njagongi ing tarupé Daved karo sakwijiné rèkter sing njejekké keadilan, lan sing gelis-gelis nindakké kabeneran.”
6
Aku wis pada krungu bab gemunggungé Moab, pantyèn sombong banget kuwi, bab kemlèlèté, gemunggungé lan gemregeté, lan enggoné ngotyèh sing ora bener.
7
Mulané ya bèn wong Moab ngaduh-aduh kanggo Moab, sing siji awit sangka sijiné, bèn kabèh pada ngaduh-aduh. Awit kèlingan marang kuku kismis sangka Kir-Hareset ya bèn pada sambat lan remuk pisan!
8
Awit ing kebon-kebon ing Hèsbon lan wit anggur ing Sibma wis pada gloyoran; para sing nyekel pangwasa kanggo bangsa-bangsa wis pada mbabati wit-wité anggur sing betyik déwé, sing mbiyèn ngrambat tekan Yaéser lan mrambat tekan ara-ara samun; pangé pating ngglolor tekan sabrangé segara.
9
Mulané aku mèlu nangis kaya Yaéser awit sangka wit anggur ing Sibma mau; kowé arep tak telesi karo eluhku, hé Hèsbon lan Eléalé, awit ing waktu ketiga tyotyok ing waktu panèn mungsuhmu nyerang karo bengokan perang.
10
Wis entèk kabungahan lan surak-surak sangka kebon wowohan; wis ilang sangka kebon-kebon anggur swara bungah-bungah lan surak-surak; wis ora ana sing ngidak-idak ing panggonan peresané, Aku wis ngendek bungah-bungahé.
11
Awit sangka kuwi kaya uniné siter, ya kaya mengkono jeritané atiku weruh kahanané Moab, lan batinku rontok weruh kahanané Kir-Heres.
12
Mulané senajan Moab ngabekti lan nglabuhi karo ngrekasa banget ing puntuk pangurbanan lan mlebu ing omah sutyiné perlu ndedonga, ora bakal olèh apa-apa.
13
Ya kuwi tembung sing diomongké karo GUSTI bab Moab ing waktu kepungkur.
14
Mulané saiki GUSTI ngomong mengkéné: “Ing sak njeruhné telung taun, miturut waktu nyambutgawéné para suradadu sing diupahi, kamulyané Moab karo keraméané sing gedé, bakal dadi tyatyatan lan wong sing kèri bakal setitik banget lan ora kwasa.”
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 17 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66