bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 58
Isaiah 58
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 57
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 59 →
1
Mbengok-mbengoka sing banter, aja ngempet swara! Banterna swaramu kaya trompèt, kabarna marang umat-Ku paneraké lan marang para turunané Yakub dosané!
2
Pantyèn saben dina pada nggolèki Aku lan seneng weruh kabèh dalan-Ku. Kaya bangsa sing nglakoni sing bener lan sing ora ninggal angger-anggeré Gusti Allahé pada ngomong takon marang Aku bab angger-angger sing bener, pada seneng nyedek ing ngarepé Gusti Allah, lan ngekèki pitakon:
3
“Apa sebabé kula pada pasa Panjenengan kok uga ora nggatèkké? Apa sebabé kula pada ngasorké awak Panjenengan kok ora gelem ngertèni?” Ing waktu kowé pasa nyatané kowé ijik tetep ngurus urusanmu, lan kowé pada nglarani kabèh buruhmu.
4
Sejatiné enggonmu pada pasa kuwi karo padu lan tukaran lan karo ngantemi tanpa melas. Yèn enggonmu pasa kaya saiki iki swaramu bakal ora dirungokké sangka nduwur.
5
Lah apa pasa sing kaya mengkéné iki sing Tak karepaké, lan nganakké dina kanggo ngasorké awak, yèn kowé ndingkluk kaya glagah lan njèrèng salin kasusahan lan awu kowé engguh lèmèk turu? Apa kuwi sing kok arani pasa, nganakké dina sing dadi senengé GUSTI?
6
Duduk! Pasa sing Tak karepaké kuwi, ya kuwi yèn kowé ngutyuli tali-taliné tukang nyia-nyia lan ngudari tali-taliné pasangan, yèn kowé ngluwari wong sing dianiaya lan nugeli kabèh pasangan,
7
yèn kowé nyuwil-nyuwil rotimu kanggo wong kaliren lan ngajak menyang omahmu wong sing ora nduwé omah, lan yèn kowé weruh wong sing wuda, terus kok wènèhi sandangan lan ora ndelik sangka sedulurmu déwé!
8
Yèn mengkono pepadangmu bakal njedul kaya ésuk wétan lan tatumu bakal gelis waras; kabeneran bakal dadi barisan ing ngarepmu lan kamulyané GUSTI dadi barisan ing mburimu.
9
Ing kono yèn kowé ngomong, GUSTI bakal nyauri yèn kowé sambat njaluk tulung, Panjenengané bakal ngomong: Aku ing kéné! Yèn kowé ora masang pasangan menèh marang sak pepadamu lan ora nuding-nuding marang wong karo driji lan ngarani ora-ora,
10
yèn kowé ngekèki wong kaliren apa sing kowé déwé arep lan nggawé senengé atiné wong sing ditindes, pepadangmu bakal semlorot ing pepeteng lan pepetengmu bakal kaya wayah tengah awan.
11
GUSTI bakal tansah nuntun kowé lan bakal nggawé maremé atimu ing tanah sing garing lan bakal nganyaraké kekuwatanmu; kowé bakal kaya taman sing disirami karo betyik lan kaya sumber sing ora tau nggawé gela.
12
Kowé bakal mbangun gempuran sing wis maabad-abad, lan bakal ndandani dasaré sing wis dipasang pirang-pirang turunan. Kowé bakal disebut “sing ndandani témbok sing jebol”, “sing ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.
13
Yèn kowé ora sembrana marang pernatané sabat lan ora nindakké penggawéanmu ing dina-Ku sing sutyi; yèn kowé ngarani dina sabat “dina sing énak”, lan dinané GUSTI sing sutyi “dina sing mulya”; yèn kowé ngajèni dina kuwi karo ora nindakké kabèh penggawéanmu lan ora ngurus urusanmu utawa ora omong-omong sing tanpa guna,
14
kowé bakal seneng-seneng awit sangka GUSTI, lan Aku bakal nggawé kowé bisa ngliwati puntuk-puntuk ing bumi karo tumpakan kemenangan; kowé bakal Tak wènèhi pangan sangka warisané leluhurmu Yakub, awit mengkono tembungé tutuké GUSTI.
← Chapter 57
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 59 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66