bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 59
Isaiah 59
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 58
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 60 →
1
Tangané GUSTI kuwi tenan ora tyupet kanggo ngekèki keslametan, lan pangrunguné ora kurang landep kanggo ngrungokké;
2
nanging sing ngalang-alangi ing antarané kowé lan Gusti Allahmu kuwi kabèh penggawé alamu, lan sing njalari Panjenengané ndelik sangka ngarepmu, terus ora krungu, kuwi kabèh dosamu.
3
Awit tanganmu kuwi reget awit dlèwèran getih lan drijimu sangka sing ala; tutukmu ngutyapké goroh, ilatmu ngomongké sing ora jujur.
4
Ora ana sing nggugat karo alasan sing bener, lan ora ana sing ngadili karo alasan sing kuwat; sing diendelaké barang sing tanpa guna lan goroh sing diutyapké, lan meteng memala nanging sing dilairké tumindak seneng nyiksa.
5
Wong pada nètèské endok ula upas, lan nenun jaring kalamangga; sapa sing mangan endok mau mesti bakal mati, lan yèn endok mau dipijet nganti petyah, terus metu ulané upas.
6
Jaring sing ditenun mau ora kena dienggo sandangan, lan gawèané ora kena dienggo kemul; penggawéné kuwi penggawé sing seneng nyiksa, lan sing ditindakké karo tangané kuwi mung rupa pilara.
7
Gelis-gelis enggoné nglakoni sing ala, lan gelis-gelis arep ngilèkké getihé wong sing ora salah; rantyamané kuwi rantyaman seneng nyiksa, lan menyang ngendi waé parané mesti ninggal karusakan lan gempuran.
8
Pada ora weruh marang dalané rukunan, lan ing sak njeruhné tindak-tanduké ora ana keadilan; pada milih dalan-dalan sing ménggok, lan saben wong sing mlaku ing kono ora kenal marang katentreman.
9
Awit sangka kuwi keadilan tetep adoh sangka kita lan kabeneran ora nekani kita, kita pada ngarep-arep pepadang, nanging sing ana mung pepeteng, pada ngarep-arep semloroté padang, nanging kita pada mlaku ing pepeteng.
10
Kita pada gagap-gagap ing témbok kaya wong lamur, lan grayah-grayah kaya ora nduwé mripat; kita pada kesandung ing wayah tengah awan, kaya ing wayah repet-repet pada lungguh ing panggonan peteng kaya wong mati.
11
Kita kabèh pada nggereng-nggereng kaya bruwang, swara kita derak-deruk kaya manuk dara; kita ngarep-arep marang keadilan, nanging ora ana, ngentèn-entèni marang keslametan, nanging kuwi tetep adoh sangka kita.
12
Dosa kita kuwi tenan okèh ing ngarepé Panjenengan lan dosa kita kuwi dadi seksi sing nglawan marang kita; kita tenan pada ngrumangsani enggèn kita pada mbruntak lan pada weruh ala kita;
13
kita wis mbruntak lan nyélaki marang GUSTI, lan mundur ninggalké Gusti Allah kita, kita pada ngrantyam bakal memeres lan nyimpang, pada meteng goroh ing njeruhné ati lan nglairké goroh iki karo tetembungan.
14
Angger-angger wis kedesek memburi lan keadilan adoh dunungé, awit kabeneran kesandung ing panggonan umum lan kejujuran ditampik karo wong.
15
Mulané kabeneran wis ilang, lan sapa ngedohi sing ala, dadi kurbané wong ngrampas. Nanging GUSTI weruh sing mengkono kuwi, lan ndadèkké ala banget ing ngarepé nanging ora ana angger-angger
16
Panjenengané ngerti yèn ora ana wong siji-sijia sing njedul lan Gusti nggumun, awit ora ana sing ngréwangi. Mulané tangané piyambak sing mitulungi, lan keadilané sing ngréwangi Panjenengané.
17
Terus nganggo keadilan didadèkké topi tembaga lan topongé keslametan ing sirahé; nganggo klambiné kawelasan lan jubahé ati panas.
18
Tyotyok karo penggawé-penggawéné wong, mengkéné enggoné ngekèki balesan: bebendu sing mulat-mulat marang para sing nglawan, paukuman marang para mungsuhé; malah uga puluh-puluh sing adoh uga ketiban paukuman.
19
Ing kono wong terus bakal wedi marang asmané GUSTI ing panggonan mingslepé srengéngé lan marang kamulyané ing panggonan njedulé srengéngé, awit Panjenengané bakal teka kaya iliné banyu sangka panggonan sing tyiut, sing disurung karo napasé GUSTI.
20
Lan bakal teka ngadek dadi Tebusané Sion lan kanggo para wongé Yakub sing pada mratobat nyingkiri mbruntaké, mengkono tembungé GUSTI.
21
Nanging Aku, iki perjanjian-Ku marang wong-wong mau, tembungé GUSTI: Roh-Ku sing manggon ing kowé lan tembung-Ku sing Tak wènèhaké ing tutukmu ora bakal sumingkir sangka tutukmu sangka tutuké turunanmu lan sangka tutuké turunané turunanmu, wiwit saiki nganti tekan sak lawas-lawasé, mengkono tembungé GUSTI.
← Chapter 58
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 60 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66