bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 33
Isaiah 33
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 34 →
1
Tyilaka kowé, hé tukang ngrusak sing ora dirusak déwé, lan kowé, hé tukang ngrampok sing ora dirampok déwé! Yèn wis rampung enggonmu ngrusak, kowé déwé bakal dirusak; yèn wis rampung enggonmu ngrampok, kowé déwé bakal dirampok.
2
Duh GUSTI, kita supaya Panjenengan welasi, Panjenengan sing kita entèn-entèni! Panjenengan supaya gelem ngayomi kita ing saben ésuk karo tangan Panjenengan, lan kita pada dikèki keslametan ing njeruhné kangèlan!
3
Waktu krungu gembruduké swara waktu Panjenengan ngadek, para bangsa pada mblayu lan para taleré bangsa pada buyar.
4
Wong terus pada nglumpukké sing direbut kaya walang sing nggragas sing mangan pakané; pada ngebyuki kaya tekané walang grombolan.
5
GUSTI kuwi Mahaluhur, awit manggon ing nduwur; Sion digawé kebak keadilan lan kabeneran.
6
Jaman tentrem bakal nekani kowé; kasugihan sing ndadèkké slamet kuwi kawityaksanan lan kaweruh; wedi lan ngajèni marang GUSTI, kuwi sing dadi bandané Sion.
7
Delengen, wong-wong Arièl pada sambat ing dalan, para kongkonan kanggo nggolèki rukunan pada nangis kepati.
8
Dalan-dalan dadi sepi lan wong ora ana siji waé sing mlaku ing dalan. Perjanjian wis disélaki, para seksi wis pada ditampik, lan manungsa ora digubris.
9
Negara susah lan nggresah; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wis kaya ara-ara, Basan lan Karmèl pada brindil.
10
Saiki Aku bakal ngadek - mengkono tembungé GUSTI, - saiki Aku bakal gembrégah ngadek, saiki Aku bakal ngadek jejek!
11
Kowé pada meteng suket garing, lan bakal manak damèn; ambekan nesumu kaya geni sing mangan kowé déwé.
12
Para bangsa bakal pada diobong dadi kapur lan bakal diobong karo geni kaya rerungkutan eri sing dibabati.
13
Hé para wong sing adoh, pada rungokna kabar bab apa sing wis Tak tindakké, hé para wong sing tyedak, pada ngertènana kekuwatan-Ku!
14
Para wong dosa ing Sion pada kagèt, para wong murtad pada dikwasani karo rasa gemeter. Kuwi pada ngomong: “Sapa ta sing bisa betah manggon ing geni sing ngentèk-entèkké iki? Sapa sing betah manggon ing pawon geni sing langgeng iki?”
15
Wong sing urip ing sak njeruhné kabeneran, sing tembung-tembungé jujur, sing nampik pengasilané, sangka wohé peresan, sing ngipatké tangané supaya aja nampani beselan, sing nutupi kupingé supaya aja krungu rantyamané bab ngutahké getih, sing meremké mripaté, supaya aja weruh sing ala,
16
kuwi kaya wong sing manggon karo tentrem ing panggonané sing duwur, bèntèngé kuwi pager watu ing gunung watu; roti dityawisi, banyu ngombé dityepakké.
17
Kowé bakal ndeleng ratu ing sak njeruhné kamulyané, bakal weruh negara sing amba banget.
18
Ing sak njeruhné atimu kowé bakal mikir marang rasa wedi sing uwis-uwis: “Apa wis ora ana tukang pétung, apa wis ora ana tukang timbang, lan apa wis ora ana wong sing ngitung menara?”
19
Kowé ora bakal weruh menèh bangsa sing ora tata kuwi, bangsa sing tembungé ora tyeta, dadi ora dunung, sing tetembungané gagap, dadi ora ana wong sing bisa ngerti.
20
Pada delengen Sion, kutané riyaya kita! Mripatmu bakal ndeleng Yérusalèm, panggonan sing tentrem, tarup sing ora dielih-elih, sing patoké ora bakal dijebol ing selawasé, lan sing dadungé ora bakal pedot.
21
Ing kono kita bakal weruh sak pira gedéné kamulyané GUSTI kita: kaya panggonan sing kebak kali lan ilèn-ilèn sing amba; kuwi ora bakal diliwati prau, lan kapal gedé ora bakal nyabrang ing kono.
22
Awit GUSTI kuwi Rèkter kita, GUSTI kuwi sing ngekèki angger-angger marang kita; GUSTI kuwi sing ngadek dadi Ratu kita, Panjenengané bakal ngluwari kita.
23
Dadung-dadungmu wis pada kendo, ora kena kanggo nalèni tyagaké layar nganti kentyeng ing panggonané, ora kena kanggo mentèng layar. Ing waktu kuwi wong bakal ngedum-edum sing direbut sing okèh banget, lan wong lumpuh bakal pada ngrayah sing direbut.
24
Ora ana wong siji-sijia sing bakal ngomong ing kono: “Aku lara,” lan sak kabèhé wong sing manggon ing kono bakal dikèki ngapura kanggo kesalahané.
← Chapter 32
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 34 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66