bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 34
Isaiah 34
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 35 →
1
Hé para bangsa, pada nyedaka, rungokna, lan pada gatèkna, hé para taleré bangsa! Bumi uga sak isiné kabèh apiké pada krungu, uga jagat lan kabèh sing tukul sangka kono.
2
Awit GUSTI nesu marang kabèh bangsa, lan panas ing ati awit sangka suradaduné; kuwi wis pada disisihké bakal dientèkké lan dipasrahké supaya pada dibelèh.
3
Wong sing mati dipatèni bakal dibuwang, lan batangé bakal pada mambu bosok; gunung-gunung bakal pada kebanjiran getihé.
4
Sak kabèhé lintang ing langit bakal entèk, lan langit bakal digulung kaya kitab gulungan, kabèh lintangé bakal mati kaya godong sing pada gogrok sangka wit anggur, lan kaya gogroké godong anjir.
5
Awit pedang-Ku ing langit wis ngamuk, delengen, kuwi wis mudun ngadili Edom, bangsa sing wis Tak dèwèké supaya dientèkké.
6
GUSTI nduwé pedang sing dlèwèran getih lan gupak gajihé okèh banget, ya kuwi getihé tyempé-tyempé lan wedus-wedusé lanang lan gajihé ginjelé wedus-wedusé gèmbèl lanang. Awit GUSTI nganakké kurban sing dibelèh ing Bosra lan pembelèhan gedé ing negara Edom.
7
Sapi-sapi alasan bakal pada ambruk mati bebarengan karo sapi-sapi enom karo sapi-sapi lanang sing rosa-rosa, negarané bakal rata kilènan karo getih, lan lemahé kebak gajih.
8
Awit GUSTI nekakké dina tibané balesan lan taun enggoné nibakké paukuman awit sangka perkarané Sion.
9
Kali-kaliné Edom bakal malih dadi kali geni, lan lemahé dadi lirang; negarané bakal dadi geni sing murup mulat-mulat.
10
Awan wengi ora bakal mati-mati, kemebulé kemebul sak lawas-lawasé. Negara kuwi bakal dadi ambruk turun-temurun, lan sak terusé ora bakal ana wong sing liwat ing kono.
11
Mentok lan landak sing bakal manggon ing kono. Manuk beluk lan gagak bakal manggon ing kono. GUSTI bakal ndadèkké ora nggenah negara kuwi lan didadèkké suwung netepi rantyaman-Né.
12
Ora ana wong bakal manggon ing kono, lan para penggedéné bakal ora ana menèh; wis ora ana menèh sing bakal diangkat dadi ratu ing kono, lan sak kabèhé ratu wis pada entèk.
13
Eri grumbul bakal tukul ing gapura-gapurané, lan suket lan eri ing bèntèng-bèntèngé, terus dadi panggonané asu alasan, lan dadi panggonané manuk unta.
14
Kéwan ara-ara samun bakal pada petukan karo asu alas, lan Léwiatan bakal sliweran karo kantyané ing kono; memedi bakal ing kono lan bakal olèh panggonan.
15
Ula wit-witan pada nusuh lan ngendok ing kono lan anggrem nganti endoké pada nètès; manuk beri pada grombolan ing kono, pada jejodoan.
16
Golèkana ing kitabé GUSTI lan diwatya; kabèh sing urip kuwi mau kabèh siji waé ora ana sing kèri, ora ana sing kélangan kantyané; awit mengkono préntahé sing metu sangka tutuké Gusti, lan Rohé Gusti déwé sing nglumpukké kuwi kabèh.
17
Panjenengané déwé wis ngguwak lotré lan ngedum negara kuwi marang para sing urip karo tali ukuran; kabèh sing urip mau bakal manggon ing kono nganti sak lawas-lawasé lan ing kono turun-temurun.
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 35 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66