bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 23
Isaiah 23
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 24 →
1
Utyapané Gusti kanggo Tirus. Ngaduh-ngaduha, hé kapal Tarsis, awit Tirus wis rusak, omahmu utawa babakan kapalmu wis ora ana! Waktu ijik pada ing negarané wong Siprus bab kuwi wis dikrungu.
2
Pada delek-deleka, hé sing pada manggon ing pinggirané segara, hé pedagang Sidon, kongkonanmu pada nyabrang ing segara, lan nyabrang ing segara gedé;
3
barang-barang sing dilebokké marang Sidon ya kuwi gandum sangka Sihor, lan pametuné bawah Nil, terus kuta kuwi dadi pasar kanggo para bangsa.
4
Ngalamana kisinan, hé Sidon, awit segara, bèntèngé segara, muni mengkéné: “Aku ora tau lara lan ora tau mbayi, aku ora tau ngrumati jaka lan ora tau ngrumati prawan-prawan.”
5
Yèn kabar bab Tirus kuwi tekan Egipte, wong-wong bakal pada gemeter krungu bab kuwi.
6
Pada mblayua menyang Tarsis, pada sambata, hé sing pada manggon ing negara pinggirané segara!
7
Iki apa kutamu sing bungah-bungah, sing asal-usulé sangka jaman mbiyèn? Wong wis pada lunga menyang panggonan sing adoh lan dadi wong mantya ing kana.
8
Sapa sing mutusi mengkéné iki kanggo Tirus, kuta sing tau ngekèki makuta, sing pedagang-pedagangé para penggedéné lan wong-wongé sing dagang para wong mulya ing bumi?
9
GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, wis nggawé putusan mengkono kanggo ngentèkké kesombongan, kanggo ngasorké sak kabèhé sing apik lan sak kabèhé wong mulya ing bumi.
10
Garapen kebonmu kaya ing pinggir kali Nil, hé wong Tarsis, ing panggonan kanggo ndandani kapal wis ora ana!
11
GUSTI wis ngatungké tangan-Né marang segara lan nggawé kraton-kraton pada gemeter; Panjenengané wis mréntah supaya bèntèngé Kanaan pada dientèkké.
12
Lan wis ngomong: “Kowé ora bakal bungah-bungah menèh, hé prawan sing wis dirusak, hé anak wadoné Sidon! Ngadeka, mblayua marang wong Siprus! Ing kono uga bakal ora ana panggonan sing nyenengké kanggo kowé.”
13
Delengen negarané wong Kasdim! Ya bangsa kuwi sing nindakké mengkono, duduk wong Asyur. Kuwi sing pada ngekèkké Tirus marang kéwan-kéwan ing ara-ara samun; kuwi wis pada ngedekké menara-menara kanggo ngepung lan wis ngentèkké gapura-gapurané kuta kuwi lan ndadèkké gempuran kuta kuwi.
14
Sambata, hé kapal-kapal Tarsis, awit bèntèngmu wis dirusak.
15
Ing waktu kuwi Tirus bakal ora diéling pitung puluh taun suwéné, pada karo umuré ratu. Sakwisé pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa sing ditibakké marang wong wadon lonté sing kamot ing kidungan iki:
16
“Nggawaa siter, ngubengana kuta, hé wong lonté sing wis dilalèkké! Unèkna sing apik, ngidunga sing werna-werna, supaya kowé diéling karo wong.”
17
Lan sakwisé kliwat pitung puluh taun, GUSTI bakal mikir marang Tirus, terus nampa upahé sing njijiki menèh, lan terus bakal nandangi ala menèh karo kabèh kraton ing sak lumahé bumi.
18
Batiné lan upahé sing njijiki bakal sutyi kanggo GUSTI, ora bakal diendek utawa disimpen, nanging batiné kuwi bakal kanggo nganakké pangan sing tyukup lan sandangan sing apik kanggo para wong sing pada manggon ing ngarepé GUSTI.
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 24 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66