bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 38
Isaiah 38
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 37
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 39 →
1
Ing waktu semono Hiskia ngalami lara nganti arep mati. Yésaya, anaké Amos terus nemoni lan ngomong: “Mengkéné tembungé GUSTI: Kowé ngekèkana paweling-paweling sing pungkasan marang brayatmu, awit kowé bakal mati, ora bakal waras menèh.”
2
Hiskia terus ngénggokké praupané menyang témbok lan ndedonga marang GUSTI,
3
tembungé: “Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem éling enggèn kula wis urip ing ngarepé Panjenengan karo setia lan sak kabèhé ati lan enggèn kula wis nindakké apa sing apik ing mripat Panjenengan.” Sakwisé mengkono Hiskia terus nangis karo melas.
4
GUSTI terus ngetokké tembung marang Yésaya:
5
“Kowé lungaa lan ngomonga marang Hiskia: Mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allahé Daved, para leluhurmu: Pandongamu wis Tak runggokké lan eluhmu wis Tak sawang. Aku bakal nambahi umurmu limalas taun
6
lan Aku bakal ngluwari kowé lan kuta iki sangka tangané ratu ing Asyur lan bakal mageri kuta iki.
7
Iki sing bakal dadi tanda sangka GUSTI kanggo kowé, ya kuwi yèn GUSTI bakal nindakké apa sing wis dijanjèkké.
8
Lah ayang-ayangé piranti pituduh srengéngé gawéané Akas bakal Tak undurké sepuluh tlapak sangka sing wis diliwati.” Ing kono piranti mau ya terus nduduhké munduré srengéngé sepuluh tlapak sangka sing wis digawé.
9
Pandongané Hiskia, ratu ing Yéhuda, sakwisé lara lan wis waras, ditulis mengkéné:
10
“Aku iki wis mikir: Umurku ijik separo aku kok kepeksa kudu lunga; ing sak luwihé umurku kuwi aku dityeluk menyang gapurané ndonyané wong mati.
11
Aku ngomong: aku ora bakal weruh GUSTI menèh ing negarané wong urip; aku ora bakal weruh wong siji-sijia menèh ing sak tengahé para sing manggon ing ndonya.
12
Omah sing tak enggoni dibubrah lan mbukak kaya tarupé pangon; kaya tukang tenun sing nggulung tenunané enggonku mungkasi uripku; Panjenengan ngetok nyawaku sangka bolahé urip. Awan nganti wengi Panjenengan péngin ngentèkké uripku.
13
Aku sambat njaluk tulung nganti ésuk; kaya singa, ya mengkono kuwi enggoné Gusti ngremuk kabèh balungku; awan nganti wengi Panjenengan péngin ngentèkké uripku.
14
Kaya manuk sriti, sing mijah, ya mengkono kuwi enggonku tyat-tyit, swaraku ketekur-ketekur kaya swarané manuk dara. Mripatku kaya-kaya nganti entèk awit sangka enggonku ndangak menduwur, duh Gusti, kula disengsarakké; Panjenengan supaya gelem dadi tanggungan kanggo kula!
15
Apa ta sing bakal tak pasrahké lan tak utyapké ing ngarepé Gusti; apa ora Panjenengané ta sing nandangi mengkono? Aku babar pisan ora bisa turu awit sangka paité kasusahanku kuwi.
16
Duh Gusti, ya awit sangka mengkéné kuwi ati kula ngentèn-entèni marang Panjenengan; Panjenengan supaya gelem nentremaké roh kula, gelem maraské kula, gelem mulihké kula!
17
Kasusahan sing pait kuwi tenan dadi keslametan kula; Panjenengan sing njaga nyawa kula supaya ora ketyemplung ing luwangé karusakan. Awit Panjenengan wis ngguwak kabèh dosa kula nganti adoh sangka ngarepé Panjenengan.
18
Awit ndonyané wong mati ora bisa maturkesuwun marang Panjenengan, lan pati ora bisa ngelem-elem Panjenengan; wong sing pada mudun ing juglangan kuburan ora ngentèn-entèni marang kasetian Panjenengan.
19
Nanging mung wong sing urip, kuwi sing maturkesuwun marang Panjenengan, kaya kula ing dina iki; bapak bakal seneng ngerti bab kasetian Panjenengan marang anak-anaké.
20
GUSTI wis teka ngekèki keslametan marang aku! Aku arep pada ngunèkké harep, ing selawasé urip ing griyané GUSTI.”
21
Yésaya terus ngomong: “Bèn dijikukké kuku woh anjir terus dipopoké ing korèngé, supaya waras!”
22
Sak durungé kuwi Hiskia wis ngomong: “Apa tanda-tandané, yèn kula bakal mlebu ing griyané GUSTI?”
← Chapter 37
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 39 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66