bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 21
Isaiah 21
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 22 →
1
Tembungé Gusti kanggo ara-ara samun ing pinggir segara. Kaya lésus enggoné gembrubuk ngliwati negara Negeb, kaya mengkono tekané tyilaka sangka ara-ara samun, sangka negara sing medèni.
2
Ana wahyu sing kereng sing wis dikabarké marang aku: “Si rampok ngrampok, tukang ngrusak, ngrusak! Majua, hé Elam, kepungen, hé Madai! Kabèh nggresah sing digawé wis Tak sirep.”
3
Mulané wetengku lara banget, aku lara mules kaya mulesé wong wadon sing arep mbayi; aku mbungkuk-mbungkuk, ora krungu menèh, aku kagèt, ora weruh menèh.
4
Atiku ngolang-ngaling, aku dikwasani karo rasa tratapan, wayah mbengi sing tansah tak angen-angen kuwi saiki nggawé gemeterku.
5
Wong pada ramé nata suguhan, nata jagongan, panganan, ombènan. Dadakan krungu: “Hé para penggedéné! Tata-tataa perang, lenganana tamèngé!”
6
Awit mengkéné tembungé Gusti marang aku: “Kowé lungaa, masanga wong jaga, apa sing dideleng kudu diomongké.
7
Yèn weruh suradadu numpak jaran, loro-loro, suradadu numpak kimar, suradadu numpak unta, kuwi kudu digatèkké tenan, karo ati-ati banget.”
8
Nanging penjaga kuwi kudu mbengok: “Ing panggung jagan, duh bendara kula, kula tansah ngadek sedina muput, lan ing panggonan jagan kula dipanjer ing saben wengi.”
9
Lah kuwi wis ana suradadu sak kumpulan sing teka, suradadu sing numpak jaran! Wong mau terus mbengok menèh: “Wis ambruk, Babèl wis ambruk, lan kabèh retyané brahala wis diremuk lan pating slebar ing lemah.”
10
Hé bangsaku sing wis diidak-idak lan diidak-idak apa sing aku krungu sangka GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl, wis tak kabarké marang kowé.
11
Utyapané Gusti kanggo Duma. Ana wong sing mbengok marang aku sangka Seir: “Hé wong jaga, apa benginé ijik suwé? Hé wong jaga, apa benginé ijik suwé?”
12
Wong jaga kuwi nyauri: “Bakal ésuk, nanging uga bakal mbengi. Yèn kowé pada arep takon, tekaa lan pada takona sepisan menèh!”
13
Utyapané Gusti kanggo negara Arab. Kowé bakal pada nginep ing alas ing negara Arab, hé para pedagang wong Dédan!
14
Hé wong sing manggon ing negara Tema, pada metua, wong sing ngelak wènèhana banyu, wong sing mblayu petuken karo roti.
15
Awit wong kuwi pada mlayu nyingkiri pedang, ya pedang sing landep, gendéwané sing dipentèng, lan peperangan sing medèni.
16
Awit mengkéné tembungé Gusti marang aku: “Sak njeruhné setaun menèh, miturut waktu nyambutgawéné suradadu sing diupahi, kabèh kamulyané Kedar bakal entèk.
17
Lan suradaduné tukang manah bangsa Kedar sing gagah rosa-rosa bakal mung kèri setitik tyatyahé, awit GUSTI, Gusti Allahé Israèl wis ngomong mengkono.”
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66