bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 62
Isaiah 62
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 61
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 63 →
1
Awit sangka Sion aku ora bisa meneng, lan awit sangka Yérusalèm aku ora bakal lèrèn, nganti tekan kebenerané semlorot kaya semloroté padang lan keslametané murup kaya ontyor.
2
Para bangsa terus bakal pada weruh kebeneranmu, lan kabèh ratu bakal pada weruh kamulyanmu, lan wong bakal ngarani kowé nganggo jeneng anyar sing bakal ditemtokké karo GUSTI piyambak.
3
Kowé bakal dadi makutané kamulyan ing tangané GUSTI, lan makutané kraton ing tangané Gusti Allahmu.
4
Kowé ora bakal dijenengké menèh “sing ditinggal karo bojo”, lan negaramu ora bakal disebut menèh “sing sepi”, nanging kowé bakal diarani “sing ndadèkké kesenengan-Ku” lan negaramu “sing nduwé bojo”, awit kowé wis ndadèkké kesenengané GUSTI, lan negaramu bakal nduwé bojo.
5
Awit kaya jaka nduwé bojo prawan, mengkono uga Panjenengané sing mbangun kowé bakal dadi jodomu, lan kaya bungahé atiné pengantèn lanang weruh pengantèn wadon, mengkono uga Gusti Allahmu bakal seneng ing ati awit sangka kowé.
6
Ing duwuré témbok-témbokmu, hé Yérusalèm, wis Tak pasangi wong jaga. Ing sedina-dina lan ing sewengi-wenginé, kuwi pada ora tau meneng. Hé kowé sing kudu ngélingké GUSTI marang Sion, kowé aja pada mung meneng waé
7
lan aja kok jarké waé Panjenengané meneng, nganti Yérusalèm dikuwatké karo Panjenengané lan didadèkké kesuwur ing bumi.
8
GUSTI wis sumpah kanggo tangan-Né sing tengen, kanggo tangan-Né sing kuwat: “Aku ora bakal ngekèkké gandumu menèh marang mungsuhmu kanggo pangané, lan wong-wong bangsa liyané ora bakal ngombé anggurmu sing wis kok masak karo rekasa;
9
nanging wong sing panèn uga bakal mangan lan bakal memuji marang GUSTI, lan wong sing nglumpukké uga bakal ngombé ing platarané sutyi-Ku.”
10
Mlakua, mlakua metu ing gapura, tyawiské dalan kanggo umat, bukaken, bukaken dalané gedé, singkirna watu-watuné, masanga gendéra kanggo para bangsa!
11
Awit iki sing wis diumumké karo GUSTI nganti tekan pojokané bumi! Kabarna marang putri-putri Sion: keslametanmu teka; kabèh sing dadi upahé rekasané pada bareng karo Panjenengané, lan sing wis dadi duwèké kuwi pada mlaku ing ngarepé.
12
Kuwi bakal pada diarani karo wong “bangsa sing sutyi”, “para tebusané GUSTI”, nanging kowé bakal disebut “sing digolèki”, “kuta sing ora ditinggal”.
← Chapter 61
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 63 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66