bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 63
Isaiah 63
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 62
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 64 →
1
“Sapa ta sing teka sangka Edom, sing teka sangka Bosra karo nganggo klambiné abang kuwi, sing kétok semlorot awit sangka sandangané sing kaya mengkono kuwi, sing mlaku nganggo kekuwatan sing gedé kuwi?” “Ya Aku iki, sing janji bakal ngekèki pengadilan, lan sing nduwé kwasa ngekèki keslametan!”
2
“Apa sebabé, nanging sandangané Panjenengan abangé kaya mengkéné, lan nganggo klambiné kok nganti kaya klambiné wong sing meres anggur?”
3
“Aku mung dèwèkan waé enggon-Ku meres, lan tunggalé umat-Ku ora ana sing mèlu Aku! Aku wis ngumpulké para bangsa ing sak njeruhné bebendu-Ku, wis pada Tak idak-idak ing sak njeruhné mulat-mulat nesu-Ku, getihé muntyrat-muntyrat ing klambi-Ku, lan sandangan-Ku kabèh wis gluprut getih.
4
Awit dinané balesan wis Tak rantyam lan wis tekan taun enggon-Ku mulihké.
5
Aku weruh ngiwa-nengen: ora ana sing nulungi; Aku nggumun: kok ora ana sing ngréwangi. Tangan-Ku sing terus mitulungi Aku, lan mulat-mulat bebendu-Ku, kuwi sing ngréwangi Aku.
6
Ing sak njeruhné nesu-Ku kuwi bangsa-bangsa pada Tak idak-idak, pada Tak remuk ing sak njeruhné mulat-mulaté bebendu-Ku, getihé Tak gawé blabaran ing lemah.”
7
Kula bakal nyatakké kasetiané GUSTI, penggawéané GUSTI sing kesuwur, tyotyok karo kabèh sing ditindakké karo GUSTI marang kita, lan kawelasan-Né sing gedé marang bangsa Israèl sing ditindakké tyotyok karo kawelasan lan tyotyok karo kasetian-Né sing gedé.
8
Panjenengané apa ora wis ngomong: “Kuwi tenan umat-Ku, anak-anaké sing ora bakal nandangi lityik,” mila Panjenengané dadi Juruslameté
9
ing njeruhné kasusahané kabèh. Duduk kongkonan utawa utusan, nanging mulékaté Gusti Allah déwé sing ngluwari; Panjenengané sing nebus awit sangka trésna lan welasé. Ing jaman mbiyèn pada dijunjung lan digéndong.
10
Nanging terus pada mbruntak lan nggawé susahé Rohé sing sutyi; mila Panjenengané terus ganti dadi mungsuhé, lan Panjenengané nglawan perang marang umaté.
11
Banjur pada kèlingan marang jaman mbiyèn, jamané Moses, abdiné kuwi: Ing ngendi ta Panjenengané sing ngentasaké sangka segara bareng karo pangoné wedus-wedusé? Ing ngendi ta Panjenengané sing ngesokké Rohé sing sutyi ing atiné;
12
sing karo tangan-Né sing luhur nuntun Moses ing tengené; sing metyah banyu ing ngarepé umaté Gusti supaya langgeng asmané;
13
sing nuntun umaté ngliwati segara gedé kaya jaran ngliwati ara-ara samun? Wong-wong iki ora tau kesandung,
14
kaya kéwan-kéwan sing mudun ing legokan. Rohé GUSTI nuntun ing panggonan kanggo lèrèn. Ya kaya ngono kuwi enggèn Panjenengan nuntun umat Panjenengan supaya asma Panjenengan diluhurké.
15
Panjenengan supaya gelem weruh sangka swarga lan gelem weruh sangka griya Panjenengan sing sutyi lan gedé! Ing ngendi ta panasé ati Panjenengan lan kekuwatan Panjenengan, ati Panjenengan sing trenyuh lan kawelasan Panjenengan? Panjenengan supaya aja nganti ngendek ati Panjenengan piyambak!
16
Panjenengan kuwi apa ora Bapak kita? Abraham tenan ora ngerti apa-apa ing bab kita, lan Israèl ora kenal karo kita. Duh GUSTI, Panjenengan piyambak kuwi Bapak kita; asma Panjenengan kuwi “Penebus kita” wiwit ing jaman mbiyèn.
17
Duh GUSTI, apa sebabé Panjenengan ngejarké waé enggèn kita pada kesasar nyimpang sangka dalan Panjenengan, lan apa sebabé Panjenengan mangkotké ati kita, terus ora pada wedi marang Panjenengan? Panjenengan supaya gelem mulih awit sangka para abdi Panjenengan, awit sangka taler-taleré bangsa duwèké Panjenengan!
18
Apa sebabé wong-wong dosa pada ngrèmèhké griya Panjenengan sing sutyi, mungsuh kita pada ngidak-idak griya sutyi Panjenengan?
19
Kahanané kita kuwi kaya-kaya wiwit jaman mbiyèn durung naté ing ngisoré pemrintahan Panjenengan, kaya-kaya asma Panjenengan durung naté disebutké kanggo kita.
← Chapter 62
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 64 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66