bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 24
Isaiah 24
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 25 →
1
Lah bumi bakal didadèkké suwung karo GUSTI lan bakal dilebur, lemahé bakal kuwalik, lan sing manggon bakal pada dibuyarké.
2
Nasipé imam bakal kaya rayat, nasipé bendara lanang bakal kaya batur lanang, nasipé bendarané wadon bakal kaya batur wadon, nasipé wong sing adol bakal kaya sing tuku, nasipé wong sing nyilihké bakal kaya sing nyilih, nasipé wong ngutangi bakal kaya sing utang.
3
Bumi bakal didadèkké ludes babar pisan, lan bakal dirampas entèk-entèkan, awit GUSTI sing ngomong mengkono.
4
Bumi kétok susah alum, malah ndonya terus gloyoran alum, para penggedéné ndonya pada garing kekuwatané.
5
Bumi dadi reget awit sangka sing ngenggoni, awit pada nglanggar angger-angger, ngowahi katetepan lan nyélaki perjanjian sing langgeng.
6
Mulané bumi bakal dipangan karo bebendu, lan sing ngenggoni bakal olèh paukuman; awit sangka kuwi sing ngenggoni bumi bakal entèk, lan manungsa bakal kèri setitik.
7
Anggur ora nggawé seneng menèh, wité anggur keranta-ranta, lan wong sing bungah atiné bakal sambat.
8
Swarané terbangan sing nyenengké wis lèrèn, raméné wong sing bungah-bungah wis sirep, lan swarané siter sing nyenengké wis lèrèn.
9
Wong sing ngombé anggur ora karo kidungan menèh, ombèn keras dadi pait kanggo wong sing ngombé.
10
Kuta sing késruh kahanané wis lebur, saben omah wis tutupan ora kena dileboni.
11
Wong pada njerit ing dalan awit ora ana anggur, kabèh kesenengan wis entèk, senengé bumi wis ilang.
12
Sing ketemu ing kuta mung karusakan, gapurané wis digempur lan ambruk.
13
Awit iki bakal kelakon ing bumi, ing sak tengahé para bangsa, ya kuwi kaya ing waktu wong nggerok woh saitun, kaya ing waktu ngasak ing sak rampungé panèn anggur.
14
Wong-wong pada surak-surak banter, awit sangka kaluhurané GUSTI, pada mbengok banter sangka sisih kulon:
15
“Mulané GUSTI dimulyakké ing negara-negara wétanan, asmané GUSTI, Gusti Allahé Israèl, ing tanah-tanah ing pinggir segara!”
16
Sangka pojokané bumi aku pada krungu kidungan: “Kamulyan kanggo Sing Mahaadil!” Nanging aku ngomong: “Aku kuru keranta-ranta, kuru keranta-ranta aku. Tyilaka aku! Awit para rampok pada ngrampok, malah tanpa lèrèn enggoné ngrampok!”
17
Hé para sing manggon ing bumi, kowé bakal pada katekan karo rasa wedi, bakal pada ketyemplung ing luweng lan kena karo kala jiret.
18
Ing kono sapa sing mlayu awit sangka swara sing ngagètké kuwi bakal ketyemplung ing luweng, lan sing munggah sangka luweng bakal kena karo kala jiret. Awit tyendéla-tyendélané langit bakal pada dibukak lan dasar-dasaré bumi bakal pada gonjing.
19
Bumi remuk bubuk, bumi gempur ajur bumi gonjang-ganjing.
20
Bumi gloyoran kaya wong mendem lan gonjing kaya gubuk disebul karo angin; dosané mbruntaké nibani nemen, mulané terus ambruk lan ora bakal ngadek menèh.
21
Ing waktu kuwi GUSTI terus bakal ngukum suradadu-suradaduné langit ing langit lan para ratuné bumi ing bumi.
22
Kuwi bakal pada diklumpukké bebarengan, kaya paukuman sing dilebokké ing luweng; bakal pada dilebokké ing paukuman lan bakal pada diukum ing waktu sing suwé.
23
Mbulan bunder bakal rumangsa isin, lan srengéngé sing panasé ngidap-idapi bakal ngalami kisinan, awit GUSTI sing ngwasani langit lan bumi bakal dadi Ratu ing gunung Sion lan ing Yérusalèm, lan bakal ngétokké kamulyan-Né ing ngarepé para pemimpiné umaté.
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 25 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66