bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Isaiah 9
Isaiah 9
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 10 →
1
Bangsa sing mlaku ing pepeteng wis weruh pepadang gedé; wong sing pada manggon ing negara sing peteng ndedet wis pada kepletèkan pepadang.
2
Panjenengan wis nukulaké surak-surak, lan kebungahan sing gedé. Wong-wong pada bungah-bungah ing ngarepé Panjenengan, kaya bungahé wong ing waktu panèn, kaya surak-suraké wong waktu ngedum rayahan.
3
Awit pasangan sing numpang gulu lan rakit ing pundaké lan pentungé wong sing nindes wis Panjenengan tugel kaya kalahé Midian.
4
Awit saben sepatuné prajurit sing grudak-gruduk lan saben jubah sing dlèwèran getih bakal dadi pangané geni.
5
Awit ana Bayi sing wis lair kanggo kita, ana Putra sing wis dikèkké marang kita, lambangé pemrintahan ing pundaké, lan asmané disebut: Juru Pituduh sing nggumunaké, Gusti Allah sing Mahakuwat, Bapak sing Langgeng, Ratuné Katentreman.
6
Gedé pangwasané, lan tentrem rahayu bakal ora ana entèkké ing damparé Daved lan ing kratoné, awit kuwi didasari lan dikuwatké karo keadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing sak lawas-lawasé. Jalusuné atiné GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, bakal nindakké iki.
7
Gusti Allah wis ngekèki tembungé marang Yakub, lan tembungé kuwi nibani marang Israèl.
8
Sak bangsa kabèh bèn weruh, ya kuwi Efraim lan sing manggon ing Samaria, sing ngomong karo sombong lan gemedé:
9
“Pageré bata ambruk, kita arep ngedekké pager watu tatahan; wit ajir pada ditegori, bakal kita ganti karo wit tyemara.”
10
GUSTI terus nglurukké para mungsuhé Resin, lan mboyongi para mungsuhé:
11
Wong Aram sangka wétan lan wong Filistèn sangka kulon, kuwi pada nguntal Israèl karo tyangkemé sing amba. Senajan iki mau kelakon kabèh, nesu-Né durung mandek, lan tangan-Né ijik dietungké.
12
Senajan mengkono bangsa kuwi ora bali marang Panjenengané sing ngrangkèt, lan ora nggolèki GUSTI sing ngwasani langit lan bumi.
13
Mulané GUSTI terus ngetok endasé lan buntuté Israèl, wité lan pangé bareng sedina.
14
Para pinituwa lan para wong sing kajèn lan mulya kuwi endasé, lan nabi sing goroh kuwi buntuté.
15
Awit wong-wong sing pada nuntun bangsa iki kuwi tukang nasarké, lan wong-wong sing dituntun kuwi dadi ketriwal.
16
Awit sangka kuwi GUSTI ora seneng bab para nom-nomané, lan ora welas marang anak-anaké lola lan marang para randané, awit wong kuwi kabèh pada murtad lan nindakké penggawé ala, lan saben tutuk semauré gemblung. Senajan iki kabèh kelakon, nesu-Né durung mandek, lan tangan-Né ijik dietungaké.
17
Awit duraka kuwi murup kaya geni sing mangan eri lan suket nganti entèk, terus ngobong kekayon ing alas, nganti kemebulé pada mumbul.
18
Awit sangka nesuné GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, negara kuwi kobong, lan bangsa kuwi dadi pangané geni; ora ana wong siji-sijia sing melasi seduluré.
19
Pada ngemplok nengen, nanging ijik ngelih, pada ngemplok ngiwa, nanging durung warek, saben wong mangan dagingé kantyané:
20
Manasé mangan Efraim lan Efraim mangan Manasé, lan bebarengan pada nglawan Yéhuda. Senajan iki kabèh kelakon, nesuné durung mandek, lan tangan-Né ijik dietungké.
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66