bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 21
Proverbs 21
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 22 →
1
Atiné ratu kuwi kaya ilèn-ilèn banyu ing tangané GUSTI, diilèkké miturut karo kekarepan-Né piyambak.
2
Saben wong ngarani dalané déwé kuwi sing bener, nanging GUSTI sing nguji ati.
3
Nindakké kabeneran lan keadilan kuwi nggawé senengé atiné GUSTI ngungkuli kurban.
4
Mripat sing sombong lan ati sing gemunggung, sing dadi dimaré wong duraka, kuwi dosa.
5
Rantyamané wong sregep kuwi nekakké kalubèran, nanging saben wong sing gugupan kuwi mung bakal ngalami kekurangan.
6
Olèh kasugihan karo ilat goroh kuwi barang sing tanpa guna, sing nggawa wong menyang pati.
7
Wong duraka pada disèrèt karo panganiayané déwé, awit pada nulak nindakké keadilan.
8
Dalané tukang ngapus kuwi ménggak-ménggok, nanging wong jujur kuwi jejek mlakuné.
9
Luwih betyik manggon ing pojoké payon, tenimbangané manggon sak omah karo wong wadon sing seneng padu.
10
Atiné wong duraka kuwi kepéngin marang sing ala, lan ora nduwèni kawelasan marang sak pepadané.
11
Yèn wong seneng memoyok diukum, wong sing ora nduwé pengalaman dadi wityaksana, lan yèn wong wityaksana diwulangi, bakal olèh kaweruh.
12
Sing Mahaadil ndelok omahé wong duraka, lan njongkroké wong duraka menyang tyilaka.
13
Sapa sing nutupi kupingé marang sambaté wong mlarat, yèn sambat-sambat déwé, ora bakal dituruti.
14
Pawèh karo meneng-meneng ngleremké nesu, lan pisungsung sing karo meneng-meneng nyirep nesu sing nggegirisi.
15
Nindakké keadilan kuwi dadi kesenengané wong bener, nanging nggawé wediné wong sing nandangi ala.
16
Wong sing nyimpang sangka dalané kepinteran, kuwi bakal lèrèn ing panggonan nglumpukké para rohé wong mati.
17
Wong sing seneng sukak-sukak bakal ngalami kekurangan, lan sing kesenengané anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.
18
Wong duraka kuwi kanggo tebusané wong bener, sing goroh kanggo gantiné sing jujur.
19
Luwih betyik manggon ing ara-ara samun, tenimbang manggon karo wong wadon sing seneng padu lan seneng nesu.
20
Omahé wong wityaksana kanggonan banda lan lenga, nanging wong sing bodo ngentèk-entèkké kuwi.
21
Wong sing ngupaya marang kabeneran lan katrésnan, bakal nemu urip, kabeneran lan kehormatan.
22
Wong wityaksana bisa ngunggahi kutané para pahlawan, lan ngembrukké témbok sing dadi pengandelé.
23
Sapa sing njaga tutuké lan ilaté, dadi njaga awaké, utyul sangka kangèlan.
24
Wong sing ndugal lan gemunggung kuwi disebut wong seneng memoyok, pertingkahé kemetak banget.
25
Wong males dipatèni karo kepénginané déwé, awit tangané males nyambut nggawé.
26
Kepénginan nduwèni kuwi sedina-dina tansah mélik, nanging wong bener kuwi pawèh tanpa wates.
27
Kurbané wong duraka kuwi reget, luwih menèh yèn enggoné masrahaké karo karep ala.
28
Seksi goroh bakal entèk, nanging wong sing ngrungokké bakal ajek ngomong.
29
Wong duraka ora nduwé isin, nanging wong jujur nata dalané.
30
Ora ana kawityaksanan lan pangertèn, lan ora ana timbangan sing bisa madani GUSTI.
31
Jaran dirakit kanggo ing waktu perang, nanging kemenangan kuwi ing tangané GUSTI.
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31