bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 31
Proverbs 31
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
1
Iki tembungé ratu Lemuèl, ratu ing Masa, sing diwulangké karo ibuné marang piyambaké.
2
Hé anakku, anak sing tak lairké, anaké perjanjianku, apa sing bakal tak omongké marang kowé?
3
Kekuwatanmu aja kok wènèhaké marang wong wadon, mengkono uga mlakumu, marang para wong wadon sing ndadèkké rusaké para ratu.
4
Hé Lemuèl, ora pantes kanggoné para ratu, ora apik para ratu yèn ngombé anggur, utawa para penggedéné yèn njupuk ombèn sing nggawé mendem.
5
Awit sangka enggoné ngombé mau, terus nglalèkké apa sing wis ditetepaké, lan ngénggak-ngénggoké wewenangé wong-wong sing ditindes.
6
Ombèn sing nggawé mendem kuwi wènèhna marang wong sing arep ngrusak uripé, lan angguré marang wong sing susah atiné;
7
kuwi bèn pada ngombé supaya lali marang mlaraté, lan ora kèlingan marang kasusahané menèh.
8
Tutukmu bukaken kanggo wong bisu, lan kanggo wewenangé wong sing nelangsa.
9
Tutukmu bukaken lan nggawéa putusan sing adil. Wong sing ditindes lan sing mlarat pada wènèhana wewenangé.
10
Bojo wadon sing wityaksana sapa sing bisa nemu? Nanging ajiné ngungkuli diaman.
11
Atiné sing lanang pertyaya marang wong wadon kuwi, sing lanang ora tau kekurangan untungé.
12
Tansah nggawé betyik marang sing lanang, ora tau nindakké ala, ing sakjeké uripé.
13
Ngupaya wulu lan damèn, lan seneng nggarap penggawéan karo tangané.
14
Kaya prau-prauné pedagang, nekakké rejekiné sangka panggonan sing adoh.
15
Enggoné tangi ijik peteng, terus nyawiské pangan kanggo wong sak omah lan ngedum gawéan marang sak kabèhé réwangé wadon.
16
Bisa tuku kebon, sing dikarepké, upahé tangané kanggo ragat nanduri kebon anggur.
17
Bangkèkané disabuki karosan, lengené dikuwatké.
18
Dèwèké weruh, yèn pametuné nguntungké, yèn mbengi dimaré ora mati.
19
Tangané ditumpangké ing jantra, drijiné nyekel tenunané.
20
Tangané dilungakké marang wong sing ditindes, ngelungké tangané marang wong mlarat.
21
Ora sumelang kanggo wong sak omah ing waktu tibané salju, awit wong sak omah pada nganggo sandangan rangkep.
22
Nggawé kasur kanggo awaké déwé, penganggoné rupa mori lenan alus lan kain wungu.
23
Sing lanang kesuwur ing gapurané kuta, yèn lungguhan karo para tuwa-tuwané negara.
24
Sing wadon nggawé sandangan mori lenan, terus didol, lan masrahaké sabuk marang para wong dagang.
25
Sandangané kekuwatan lan kaluhuran, kanggo dina mburiné mung ngguyu waé.
26
Enggoné mbukak tutuké karo kawityaksanan, lan ilaté kanggonan piwulang sing alus.
27
Tansah mandori sak obahé brayaté, lan ora tau mangan rejekiné wohé penggawé males.
28
Anak-anaké pada tangi lan ngarani ibuné rahayu, uga bojoné ya ngelem-elem marang sing wadon, tembungé:
29
Akèh wong wadon sing luhur, nanging kowé ngungkuli kuwi kabèh.
30
Werna apik kuwi goroh lan ayuné rupa kuwi tanpa guna, nanging wong wadon sing wedi lan ngajèni marang GUSTI kuwi dipuji.
31
Kuwi wènèhana panduman sangka wohé tangané penggawéné kuwi bèn ngelem-elem dèwèké ing gapura!
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31