bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 25
Proverbs 25
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 26 →
1
Iki uga wulang bebasan panemuné Salomo sing diklumpukké karo para abdiné Hiskia, ratu ing Yéhuda.
2
Kaluhurané Gusti Allah kuwi kaya perkara sing kesimpen, nanging kaluhurané para ratu kuwi mriksa perkara.
3
Sak pira duwuré langit lan jeroné bumi, kaya mengkono atiné para ratu kuwi enggoné ora kena dijajaki.
4
Regeté slaka singkirna, mesti tukang emas bisa olèh barang sing digawé piranti sing apik.
5
Wong duraka singkirna sangka ngarepé ratu, nganti damparé dikuwatké karo kabeneran.
6
Aja pamèr ing ngarepé ratu, utawa ngadek ing panggonané para penggedé.
7
Awit luwih betyik kowé dipréntah mengkéné: “Réné majua ing nduwur kéné!” Tenimbangané karo dikongkon mundur, karo sing luhur. Apa mripatmu weruh,
8
aja kesusu enggonmu nggawé perkara ing pengadilan, awit ing pungkasané apa sing kena kok tindakké, yèn lawanmu wis ndadèkké wirangmu?
9
Bélanana perkaramu karo sak pepadamu, nanging aja mbukak wewadiné liyané;
10
supaya kowé aja nganti dirèmèhké karo sing pada krungu, nganti kewiranganmu ora bakal bisa ilang.
11
Tetembungan sing diutyapké tyotyok karo waktuné, kuwi upamané kaya apel emas ing piring slaka.
12
Pawelèhé wong wityaksana kuwi kanggo kuping sing ngrungokké, kaya ali-ali emas utawa dandanan emas murni.
13
Kaya anyepé salju ing waktu panèn, kaya mengkono kongkonan sing temen lan setia kanggo sing ngongkon, awit nyegerké atiné bendarané.
14
Mendung lan angin sing tanpa udan, kaya mengkono kuwi wong sing ngumukké berkah sing ora tau diwènèhké.
15
Para pangwasa bisa diyakinké karo kesabaran, ilat sing alus ngremukké balung.
16
Yèn kowé olèh madu, mangana sak tyukupé, aja nganti kewareken, nganti terus kok utahké.
17
Aja kekerepen medayoh ing omahé pepadamu, supaya wong kuwi aja nganti jelèh, terus sengit marang kowé.
18
Wong ngetokké paseksi goroh kanggo sak pepadané, kuwi upamané kaya gepuk utawa pedang lan panah sing landep.
19
Pengandel marang wong sing goroh ing waktu susahé, kuwi upamané kaya untu sing gapuk utawa kaya sikil sing kesléo.
20
Wong sing ngidungké kidungan kanggo ati sing sedih, kuwi upamané kaya wong sing nyopot klambi ing waktu bediding, utawa sing ngesokké tyukak ing tatu.
21
Yèn mungsuhmu kaliren, wènèhana mangan roti, yèn ngelak, wènèhana ngombé banyu:
22
awit kowé bakal numpangi mawa geni ing sirahé, lan GUSTI bakal mbales marang kowé.
23
Angin sangka lor nggawa udan, guneman bisik-bisik, praupan mrengut.
24
Luwih betyik manggon ing pojok payon, tenimbangané manggon sak omah karo wong wadon sing seneng tukaran.
25
Kabar betyik sangka negara adoh kuwi, kaya banyu adem kanggo nyawa sing ngelak.
26
Wong bener sing wedi ing ngarepé wong duraka, kuwi kaya sumber butek utawa sumber sing reget.
27
Ora apik mangan madu okèh kuwi; mulané aja kokèhan enggonmu ngetokké tembung pengalem.
28
Wong sing ora bisa ngendalèni awaké, kuwi kaya kuta sing ambruk témboké.
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 26 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31