bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 5
Proverbs 5
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 6 →
1
Hé anakku, gatèkna marang kawityaksananku, kupingmu rungokna marang kapinteran sing tak wulangké,
2
supaya kowé gondèlan kawityaksanan, lan lambému ngrumati kapinteran.
3
Awit lambéné wong wadon lonté nètèské madu, lan tyetaké lunyu ngungkuli lenga;
4
nanging pungkasané pait kaya peru, lan landepé kaya pedang sing mempan kiwa-tengen,
5
jangkahé sikilé medun menyang pati, jangkahé menyang ndonyané wong mati.
6
Mlakuné ora metu ing dalané urip, mlakuné nyasar ora dingertèni.
7
Awit sangka kuwi, hé anak-anak, pada rungokna tembung-tembungku, aja nyimpang sangka pituturé tutukku.
8
Mlakumu ngedohana wong wadon mau, lan aja nyedaki lawangé omahé,
9
supaya enomé uripmu aja kok pasrahaké marang wong liyané, lan umurmu marang wong sing nduwé welas asih;
10
supaya wong liya aja nganti mareki awaké karo kasugihanmu, lan upahé kangèlanmu aja nganti tiba marang wong sing ora kok kenal,
11
lan ing pungkasané kowé bakal sambat-sambat, yèn daging lan awakmu pada rusak kabèh;
12
lan tembungmu: “Kenèng apa aku kok geting marang piwulang, lan atiku kok nampik pamelèh,
13
kenèng apa, aku ora ngrungokké tembungé para guruku, lan ora ngrungokké marang tembungé sing pada mulangi aku?
14
Mèh waé aku kejlungup ing werna-werna tyilaka ing sak tengahé pasamuan lan kumpulan.”
15
Kowé ngombéa banyu sangka sumurmu déwé, ngombéa sangka sumurmu sing lubèr.
16
Apa pantes yèn sumbermu lubèr kaya kalèn-kalèn ing alun-alun.
17
Kuwi mung dadia duwèkmu déwé, aja nganti ana wong sing mèlu nduwèni.
18
Sumbermu supaya diberkahi, bungaha karo bojomu sing pisanan.
19
Menjangan sing apik, kidang sing ayu supaya susuné kuwi tansah maremké kowé, supaya katrésnané kuwi nggandrungké kowé.
20
Hé anakku, kenèng apa kowé nganti kepéntyut marang wong wadon lonté, lan ngrangkul dadané wong wadon liya?
21
Awit GUSTI ora ketutupan marang sak kabèhé tumindaké wong, lan weruh kabèh penggawéné manungsa.
22
Wong duraka ketyekel karo sak njeruhné penggawé alané, lan kejiret karo taliné dosané déwé.
23
Wong kuwi mati, awit ora olèh piwulang, lan kesasar awit sangka bangeté bodoné.
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 6 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31