bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 30
Proverbs 30
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 29
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 31 →
1
Tembungé Agur, anaké Yaké, sangka Masa. Semauré wong mengkéné: “Duh Gusti Allah, kula wis kesel banget, duh Gusti Allah kula wis kesel banget, nganti kentèkan kekuwatan.”
2
Awit aku iki bodo ngungkuli wong liyané, aku ora kanggonan pikiran kaya sak lumrahé manungsa.
3
Aku uga ora nyinau bab kawityaksanan, nganti ora bisa kenal marang sing Mahasutyi.
4
Sapa ta sing wis munggah nang swarga terus medun? Sapa ta sing wis nglumpukké angin ing tangané? Sapa ta sing wis mbuntel banyu nganggo sandangan? Sapa ta sing netepaké sak kabèhé pojokané bumi? Kuwi jenengé sapa lan sapa jenengé anaké? Panjenengan mesti weruh!
5
Kabèh pituturé Gusti Allah kuwi murni, Gusti Allah kuwi dadi tamèngé sak kabèhé wong sing ngayom marang Panjenengané.
6
Aja nambahi tembungé, supaya kowé ora diwelèhké lan dianggep goroh.
7
Rong perkara sing kula jaluk marang Panjenengan, supaya aja Panjenengan tampik, turutana sak durungé kula mati, ya kuwi:
8
Sing ala lan ngapus supaya Panjenengan adohaké sangka kula, apa menèh aja Panjenengan kèki mlarat utawa kasugihan, mung dikèkana rejekiné sing dadi panduman kula.
9
Supaya yèn kula warek, aja nganti sélak marang Panjenengan karo omongan: GUSTI kuwi sapa? Utawa yèn kekurangan aja nganti terus nyolong, terus ngregeti marang asmané Gusti Allah kula.
10
Aja madulaké batur marang bendarané, supaya batur mau aja ngipat-ipati kowé, lan kowé terus kudu nanggung kesalahané kuwi.
11
Ana turunan sing nyepatani bapaké, lan ora mberkahi marang ibuné.
12
Ana turunan sing nganggep marang awaké déwé resik, nanging durung dikumbah regetané déwé.
13
Ana turunan sing watekké sombong, lan mblalak mripaté;
14
ana turunan sing untuné rupa pedang, lan gusiné rupa péso, kanggo mangan para wong sing ditindes nganti entèk sangka buminé, para wong mlarat ing antarané manungsa.
15
Lintah kuwi nduwé anak wadon loro, loro-loroné pada ngomong: “Kanggo aku!” lan “Kanggo aku!” Ana telung perkara sing ora bisa warek, malah patang perkara sing ora tau muni: “Wis tyukup!”
16
Ndonyané wong mati lan weteng sing gabuk, lan bumi sing ora bisa warek banyu, lan geni sing ora tau ngomong: “Wis tyukup!”
17
Mripat sing ora ngajèni marang bapak, lan emoh manut marang ibu, kuwi bakal ditotol karo manuk gagak ing pinggir kali lan dipangan karo anaké manuk garuda.
18
Ana telung perkara sing tak nggumuni, malah patang perkara sing ora tak ngertèni;
19
ya kuwi: dalané manuk garuda ing awang-awang, dalané ula ing watu, dalané kapal ing tengahé segara, lan dalané wong lanang karo prawan.
20
Dalané wong wadon bédang kuwi mengkéné: lekasé mangan, terus ngusapi tutuké, terus ngomong: Aku ora nglakoni ala.
21
Ana telung perkara sing ndadèkké bumi horek, malah patang perkara sing ndadèkké ora betah:
22
batur yèn dadi ratu, wong bodo yèn kewareken,
23
wong wadon sing ora disenengi yèn olèh bojo, abdi wadon sing ngrebut lungguhané bendarané wadon.
24
Ing bumi ana kéwan papat sing tyilik déwé, nanging sing tyepet banget:
25
semut kuwi golongan sing ora rosa, nanging sak suwéné waktu panas pada nyimpen pangan,
26
kantyil kuwi golongan sing ringkih, nanging enggoné nggawé omah ing sak njeruhné watu,
27
walang kuwi ora nduwé ratu, nanging pada maju karo ketata,
28
tyityak kuwi kena dityekel karo tangan, nanging ing kratoné para ratu ya ana.
29
Ana kéwan telu sing gagah jangkahé, malah papat sing jangkahé bregas, ya kuwi:
30
singa sing rosa-rosa déwé ing antarané kéwan, lan ora mundur ngadepi apa waé.
31
Pitik jago sing sombong, utawa wedus lanang, lan ratu sing mlaku ing ngarepé rayaté.
32
Yèn kowé ngumukké awakmu déwé, karo tyara tanpa pikiran, sing kok karepké, tanganmu tutupna ing tutukmu.
33
Awit susu kuwi yèn dipenyèt-penyèt metu mertégané, yèn irung dipijet-pijet metu getihé, yèn nesu dipijet ndadèkké gelut.
← Chapter 29
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 31 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31