bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 6
Proverbs 6
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 7 →
1
Hé anakku, yèn kowé nanggung marang pepadamu, lan nggawé perjanjian karo wong liyané;
2
yèn kowé kejiret karo tembungmu déwé, kena jiret karo tembungé tutukmu déwé,
3
terus, tumindaka mengkéné, hé anakku lan luwarana awakmu, awit kowé wis tiba ing genggemané pepadamu, lungaa, jèngkènga, lan njaluka kawelasan tenanan marang pepadamu kuwi,
4
mripatmu aja nganti ngliyep, lan tlapukanmu aja olèh ngantuk,
5
awakmu luwarana kaya menjangan sangka tangané wong mbebedak, kaya manuk sangka tangané sing mikat.
6
Hé wong males, maranana semut, mlakuné titènana lan dadia wityaksana.
7
Senajan semut kuwi ora ana sing mimpin, ora ana sing nata lan ora ana sing nggedèni,
8
ya pada nglumpukké rejekiné ing waktu panas, lan nyimpen pangan ing waktu panèn.
9
Hé wong males, nganti pira suwéné enggonmu lèyèh-lèyèh, mbésuk kapan enggonmu tangi turu?
10
“Turu sedilut engkas, ngantuk sedilut engkas, nekuk tangan arep nglèyèh sedilut engkas.”
11
Kowé terus bakal katekan kemlaratan kaya wong sing nyerang, lan kekurangan kaya wong sing nganggo gaman.
12
Tanpa guna lan ala wong sing urip karo tutuk sing goroh,
13
sing mripaté kedèp-kedèp, sing muter-muter sikilé lan nduding-nduding karo drijiné,
14
sing atiné ngréka-ngréka sing ala, sing tansah ngrantyam-ngrantyam sing ala, lan sing njalari tukar padu;
15
mulané terus dadakan katekan karo tyilaka, sedilut waé rusak lan ora bisa dipulihké menèh.
16
Nem perkara iki sing disengiti karo GUSTI, malah pitung perkara sing dadi rereget kanggo ati-Né;
17
ya kuwi mripat gemunggung, ilat goroh, tangan sing ngutahké getihé wong sing ora salah;
18
ati sing ngrantyam-ngrantyam sing ala, sikil sing gelis-gelis marani sing ala,
19
seksi palsu, sing ngutyapké tembung goroh, lan sing njalari tyonkrèhé sedulur.
20
Hé anakku, préntahé bapakmu gatèkna, lan aja ninggal piwulangé ibumu.
21
Kuwi kabèh tansah talènana ing atimu, lan kalungna ing gulumu.
22
Yèn kowé mlaku, kowé bakal dipimpin, lan yèn kowé turu, dijaga, yèn kowé tangi, bakal diajak guneman.
23
Nanging pepakon kuwi dimar, lan piwulang kuwi pepadang, lan pamelèh sing isi piwulang kuwi dalané urip.
24
Bakal ngayomi kowé sangka wong wadon lonté, lan ilaté wong wadon liyané sing lunyu.
25
Aja kayuyun karo ayuné ing sak njeruhné atimu, aja nganti gandrung awit idepé.
26
Awit kanggoné wong wadon lonté, sing penting kuwi enggoné bisa olèh rejekiné, nanging bojo wadon liyané nguber nyawa sing gedé regané.
27
Apa bisa wong nggémbol geni ing klambiné lan ora kobong sandangané?
28
Utawa apa iya wong mlaku ing sak nduwuré mawa geni, kok ora kobong sikilé?
29
Mengkono uga wong sing nyedaki bojoné pepadané; ora ana wong siji-sijia sing nggepok wong wadon kuwi, kok utyul sangka paukuman.
30
Maling apa ora bakal dirèmèhké, yèn enggoné maling kuwi mung awit arep nuruti kepénginané, awit sangka kaliren?
31
Lan yèn ketyekel, kudu ngijoli tikel pitu, apa sak isiné omahé dipasrahké.
32
Sapa sing mlaku bédang kuwi tanpa pikiran, sing nindakké mengkono kuwi ngrusak dèkné déwé.
33
Siksa lan kisinan dadi upahé, kewirangané ora bisa ilang.
34
Awit jalusu kuwi panasé atiné wong lanang, yèn mbales tanpa nduwé rasa welas.
35
Wong kuwi ora gelem nampani tebusan apa waé, senajan pira waé pawèhmu, tetep ora bakal ditampani.
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31