bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Proverbs 7
Proverbs 7
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 8 →
1
Hé anakku, gatèkna pituturku, lan préntahku simpenen ing atimu.
2
Préntahku gugunen, mesti kowé bakal urip, lan piwulangku simpenen kaya irengé mripatmu.
3
Talènana kabèh kuwi ing drijimu, lan tulisana ing papané atimu.
4
Kawityaksanan kuwi omongana: “Kowé kuwi sedulurku,” lan pangertèn kuwi anggepen sedulurmu,
5
supaya kowé diayomi sangka wong wadon lonté, lan wong wadon liya, sing alus bujukané.
6
Awit waktu aku nalika ngungak sangka jendélané omahku, ngintyeng sangka rujiné omahku,
7
aku weruh ing antarané wong sing ora nduwé pengalaman, aku weruh ing antarané para nom-noman ana sakwijiné jaka sing tanpa pikiran,
8
mbeneri nyabrang ing sak tyedaké pojok dalan, njangkah marani omahé wong wadon sing kaya mengkono mau,
9
waktuné repet-repet soré, mbengi sing peteng.
10
Lah, terus ana wong wadon metuk, sing nganggo sandangan wong wadon lonté, sing lityik atiné;
11
grapyak lan tyriwis wong wadon kuwi, sikilé ora bisa meneng ing omahé:
12
sedilut ing dalan, sedilut engkas ing lapangan, ngadang ing saben enggok-enggokan.
13
Wong nom mau terus dityekel lan diambungi, karo praupan tanpa rikuh lan pekéwuh, ngomong mengkéné:
14
“Kula kudu pasrah kurban keslametan, ing dina iki kula mbayar janjiku.
15
Mila kula metu metuk sampéyan, pantyèn bakal nggolèki sampéyan, lan saiki kula bisa ditemokké sampéyan.
16
Ambèn kula wis kula gelari kasur, kain mori lenan werna-werna gawéan Egipte.
17
Ambèn kula wis kula sebari: mur, gaharu karo kayu legi.
18
Hayuk pada ngumbar katrésnan nganti ésuk, pada sukak-sukak nganakké katrésnan.
19
Awit bojo kula ora ing omah, mbeneri mlaku adoh,
20
nggawa duwit sak kantong, mulihé ijik mbésuk ngarepké mbulané bunder.”
21
Wong nom mau dibujuk karo tembungé alus, digoda karo werna-werna godané lambéné.
22
Dadakan wong nom mau terus ngetutké wong wadon kuwi kaya sapi dituntun menyang pejagalan, lan kaya wong bodo sing dibanda arep diukum;
23
nganti ana panah sing nunjem ing atiné, ya kaya manuk sing marani jiret karo gelis-gelis, ora ngerti yèn uripé diantyam ing bebaya.
24
Mulané, hé anak-anak, pada rungokna pituturku, rungokna tembung-tembungé tutukku.
25
Atimu aja nganti kegèrèt marang dalané wong wadon kuwi, aja nasarké awakmu déwé ing dalan-dalané.
26
Awit wis okèh wong sing mati karo wong wadon kuwi, lan okèh banget tyatyahé wong sing dipatèni.
27
Omahé kuwi dalan sing nuju menyang ndonyané wong mati, sing medun menyang ing kamar-kamaré pati.
← Chapter 6
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 8 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31