bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 10
Isaiah 10
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 11 →
1
Bilai para wong kang gawe katetepan-katetepan kang ora adil, sarta para wong kang gawe pututsan-putusan kang ambek siya,
2
kanggo ngalang-ngalangi para wong sekeng anggone ngupaya kaadilan lan kanggo ngrebut wewenange para wong sangsara kang ana ing satengahe umatingSun, supaya padha bisa ngrampas barang darbeke para randha, tuwin bisa njejarahi bocah yatim!
3
Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman, lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane? Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa, sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?
4
Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung, sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan! Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha, lan astane isih kaagagake.
5
Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSun lan kang dadi gitiking bebenduningSun!
6
Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.
7
nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono lan ora mangkono rancanganing atine, anadene niyate atine arep numpes tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.
8
Amarga pangucape: “Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?
9
Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis, utawa Hamat rak padha kaya Arpad, lan Samaria rak padha kaya Damsyik?
10
Kayadene tanganku wus ngrayud karajan-karajaning para brahala, mangka reca-recane ngluwihi kang ana ing Yerusalem lan kang ana ing Samaria,
11
apa aku ora bakal tumindak mangkono tumrap Yerusalem lan reca-recane brahalane, kaya kang wus daktindakake tumrap Samaria lan brahala-brahalane?”
12
Nanging manawa Pangeran wus ngrampungake sakehing pakaryane ana ing gunung Sion lan ana ing Yerusalem, Panjenengane bakal ngukum pratingkahe raja Asyur kang gumunggung lan watake kang angkuh kumalungkung.
13
Amarga wus ngucap: “Aku tumindak kaya mangkono iku kalawan kakuwataning tanganku tuwin kalawan kawicaksananku, amarga kau duwe akal budi. Aku wus ngilangi wates-watese ing antarane para bangsa, sarta wus ngrampas pasadhiyan-pasadhiyane; kalawan kakuwatan anggonkeu wus nglorod para wong kang lungguh ing dhampar.
14
Kayadene susuhing manuk, iya mangkono iku anggonku wus ngrayud kasugihane para bangsa, sarta kaya wong kang ngrakup endhog-endhog kang ditinggal dening kang ngendhog, kaya mangkono anggonku ngrayud salumahing bumi, lan siji bae ora ana kang ngobahake swiwine, tuwin kang ngangapake cucuke utawa kang cuwit-cuwit.”
15
apa ana wadung kang ngatonake gumunggunge marang wong kang nganggo, utawa graji kang ngegungake dhiri ana ing sangarepe kang nganggo? Lah kok kaya gada kang ngobahake wong kang nyolahake, lan kaya teken kang ngangkat wonge kang dudu kayu!
16
Awit saka iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, bakal damel wong-wonge kang gothot dadi padha kuru aking, lan sakehing kasugihane bakal kaobong nganti entek, kalawan geni kang mulad-mulad.
17
Padhanging Israel banjur bakal dadi geni, lan Gusti Allahe, Kang Mahasuci bakal mulad-mulad tuwin bakal ngobong lan mangsa piskucing lan sukete nganti entek ing sajroning sadina uga.
18
Kaendahane alas ing Asyur lan kebone wowohan bakal kamangsa nganti entek, wiwit delege nganti pang-pange, satemah bakal dadi kaya wong lara kang nglayung nganti mati;
19
anadene kekarene wit-witan ing alase kehe bakal kena kaetung, nganti bocah bae bisa nyatheti.
20
Nanging ing wektu iku kekarene wong Israel lan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub, ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake, nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya.
21
Ana kekarene kang bali; kekarene Rama Yakub bakal mratobat ana ing ngarsane Gusti Allah kang prakosa.
22
Amarga sanadyan bangsamu, he Israel, kehe kaya wedhining sagara, nanging mung kekarene kang bakal bali. Pangeran Yehuwah wus nemtokake tekaning karusakan, lan saka ing kono bakal tuwuh kaadilan kang nganti luber-luber.
23
Sanyata, karusakan kang wus pinasthi bakal kadhawahake ing salumahing bumi dening Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
24
Mulane mangkene pangandikane Pangeran, Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah: “He umatingSun kang manggon ing Sion, aja wedi marang Asyur, manawa iku nggebug sira kalawan gada lan menthung sira kalawan penthunge, kaya kang ditindakake Mesir biyen.
25
Amarga sadhela engkas dukaningSun marang sira bakal sirep, lan bebenduningSun bakal njalari sirnane.
26
Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngrangket bangsa iku kalawan cemethi, kayadene anggone ngrangket Midian ana ing gunung parang Oreb, lan ngungkulake lantarane ing sadhuwure sagara Teberau lan ngagagake kaya nalika ana ing Mesir biyen.
27
[27a] Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.” [27b] Asyur wus jumedhul saka ing Rimon
28
lan wus nempuh Ayat; sarta wus ngliwati Migron, tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.
29
Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh: “Geba iku papan panginepan kita!” Kang manggon ing Rama padha gumeter, kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
30
Jerit-jerita, he putri Galim! Gatekna, he Laisya! Wangsulana, he Anatot!
31
Kang manggon ing Madmena lumayu adoh, wong Gebim lunga ngungsi.
32
Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob, ngacung-acungake tangane marang gununge putri Sion, tenggere Yerusalem.
33
Lah Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nyembali pang-pang wit kalawan kakuwatan kang nggegirisi; kang thukule dhuwur-dhuwur bakal ditegor, lan kang munggul mandhuwur bakal padha dicendhekake.
34
Kayu-kayuning alas bakal dibabadi kalawan wadung, sarta Libanon dalah wit-witane kang ngedab-edabi bakal rubuh.
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66