bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 57
Isaiah 57
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 56
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 58 →
1
Wong bener tiwas, lan ora ana wong siji-sijia kang maelu; wong mursid padha kajabut nyawane, tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli; sanyata, marga saka sumrambahe piala, nyawane wong mursid kajabut,
2
nanging banjur lumebu ing papaning katentreman; wong kang urip kalawan ati kang lurus bakal oleh palereman ana ing paturone.
3
Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene, he para anake wong wadon juru tenung, he turune wong kang laku jina lan wong wadon tunasusila!
4
Sira padha nganggo gegojegan sapa, sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-ora lan kang sira erang-erang iku? Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela, turuning wong cidra?,
5
he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat, ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak, ing sela-selaning tengger parang.
6
Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali, lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira; iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan, lan sira ladeni kurban dhaharan. Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku?
7
Sira mrenahake paturonira ana ing gunung kang dhuwur lan munggul tuwin sira uga banjur munggah ing gunung kono prelu ngladekake kurban sembelehan.
8
Sira ndekek lambanging brahalanira ana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira, malah sira wus ninggal Ingsun lan cucul sandhangan babar pisan, sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira; sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepake sira ajak sapaturon sarta sira ngawasake palanangane.
9
Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh; para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh, nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.
10
Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu, nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!” Sira oleh kakuwatan maneh, mulane sira ora dadi sayah.
11
Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi, dene sira nganti cidra lan ora eling marang Ingsun utawa banjur ora mreduli marang Ingsun? Apa ora marga saka anggoningSun kendel bae lan ngeremake paningalingSun, sira nuli ora wedi marang Ingsun!
12
Ingsun arsa mratelakake kamursidanira lan sakehing panggawenira, nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:
13
samangsa sira sesambat, para brahalanira kareben ngluwari sira! Iku bakal padha kabur ing angin, sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab. Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.
14
Ana kang ngandika: “Bukaken, bukaken, nyawisna dalan, singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”
15
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
16
Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase, lan ora bakal terus duka, supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun, mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.
17
Ingsun duka marga saka durakaning srakahe, banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka, nanging dheweke banjur murtad, lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.
18
Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku, ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur; uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin
19
Ingsun bakal karya pepujian. Tentrem, tentrem rahayu marang wong kang adoh lan kang cedhak -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sarta kang bakal Sunwarasake!
20
Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombak amarga ora bisa lestari tentrem, sarta iline ngumbulake rereged lan endhut.
21
Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,” mangkono pangandikane Gusti Allahku.
← Chapter 56
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 58 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66