bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 9
Isaiah 9
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 10 →
1
Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet wus padha kaplethekan pepadhang.
2
Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.
3
Awit pasangan ingkang mlinder saha rembatan ingkang wonten ing pundhakipun sarta penthungipun tiyang ingkang nindhes sampun Paduka tugel kados nalika kawonipun Midian.
4
Sabab saben sepatu prajurit ingkang gedrag-gedrug tuwin saben jubah ingkang kuthah rah badhe dados mangsaning latu.
5
Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.
6
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.
7
Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.
8
Sabangsa kabeh cikben sumurup, yaiku Efraim lan kang manggon ing Samaria, kang celathu kalawan angkuh lan lumuhur-luhur:
9
“Pagere bata ambruk, kita arep ngedegake pager watu tatahan; wit sikmah padha ditegori, bakal kita salini wit eres.”
10
Sang Yehuwah nuli nglurugake para panggedhening wadya-bala Rezin, lan ngangkatake para mungsuhe:
11
Wong Aram saka ing Wetan, tuwin wong Filisti saka ing kulon, iku padha nguntal Israel kalawan cangkeme kang amba. Sanadyan iki mau kelakon kabeh, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.
12
Ewasamono bangsa iku ora bali marang Panjenengane kang ngrangket, lan ora ngupaya marang Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah.
13
Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel, wite lan pange bareng sadina.
14
Para pinituwa lan para wong kang kajen keringan iku endhase, dene nabi kang goroh iku buntute.
15
Amarga wong-wong kang padha ngirid bangsa iki iku juru panasaran, lan wong-wong sing diirid iku dadi kisruh.
16
Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake.
17
Amarga duraka iku murub kaya geni kang mangsa piskucing lan suket nganti entek, banjur ngobong kekayon ing alas, nganti kukuse kumelun mumbul.
18
Marga saka dukane Sang Yehuwah Gustine sawra tumitah, tanah iku kobong, tuwin bangsa iku dadi mangsane geni; ora ana wong siji-sijia kang melasi sadulure.
19
Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe, padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg, saben wong mangan daginge kancane:
20
Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye, tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66