bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 19
Isaiah 19
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 20 →
1
Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.
2
Ingsun bakal damel wong Mesir nglawan padha wong Mesir, supaya padha perang, saben wong nglawan sadulure lan saben wong nglawan mitrane, kutha nglawan kutha, karajan nglawan karajan;
3
semangate wogn Mesir banjur ilang, rancangane bakal Sunkisruhake; banjur bakal padha njaluk pituduh marang para brahala lan marang juru japa-mantra, marang arwah lan marang roh kang memeca.
4
Ingsun bakal ngulungake wong Mesir marang ing tangane bendara kang ambek siya, lan ratu kang kereng bakal masesani bangsa iku; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
5
Banyune bengawn Nil bakal entek, lan bengawan iku bakal dadi asat nggereng,
6
satemah susukan-susukan bakal mambu bacin, lan cawangan-cawanganing bengawan Nil bakal dadi cethek lan asat, glagah lan rayung bakal padha mati lan rubuh.
7
Suket ing pinggiring bengawan Nil lan apa kang kasebar ing lebaking bengawan mau bakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh.
8
Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah, yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil; sakehe wong kang njala ana ing kono bakal padha ngenes uga.
9
Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan, mangkono uga para wong nenun mori.
10
Wong kang padha nenun bakal remuk atine, sakehe buruh bakal sedhih atine.
11
Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho, para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho. Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon: “Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana, turunipun para ratu ing jaman kina?”
12
Endi wong-wongira kang wicaksana? Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir.
13
Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung, para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan; para pangareping suku-sukune wus padha mbingungake Mesir.
14
Pangeran Yehuwah wus ngesokake ana ing tengahe sawijining roh kang ngisruhake, lan iku padha gawe bingunging Mesir ing bab pambudidayane kabeh, nganti kaya wong mendem kang mumet nalika mutah-mutah.
15
Lan ora ana kang kasil satindake Mesir kang dilakoni dening panggedhe lan panganut, dening pangarep lan wong lumrah.
16
Ing nalika iku para wong Mesir bakal padha kaya wong wadon; bakal padha gumeter lan kaget marga saka astane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah kang kaagagake marang wong-wong mau.
17
Tanah Yehuda banjur bakal nukulake pagiris ana ing satengahe wong Mesir, lan sapa bae kang eling marang wong-wong mau bakal kaget marga krungu bab pancasaning Yehuwah Gustining sarwa tumitah, kang wus kadamel tumrap wong-wong iku.
18
Ing wektu iku ing tanah Mesir bakal ana kutha lima kang caturane nganggo basa Kanaan lan kang sumpah demi Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah. Panunggalane ana siji kang bakal kasebut Ir-Kheres.
19
Ing wektu iku ing satengahe tanah Mesir bakal ana misbyah kagem Sang Yehuwah lan tugu pengetan kagem Sang Yehuwah kang dumunung ing tapel-watese.
20
Iku bakal dadi tandha paseksen kagem Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah ana ing tanah Mesir: manawa padha sesambat marang Pangeran Yehuwah marga saka kang padha nindhes, Panjenengane banjur bakal paring sawijining juru-slamet marang wong-wong mau, kang bakal tumandang lan ngluwari.
21
Sang Yehuwah bakal nglairake sarirane marng wong Mesir lan wong Mesir ing nalika iku bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah; bakal padha ngibadah kalawan nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan, sarta bakal nyaosake nadar marang Sang Yehuwah tuwin iku bakal diluwari.
22
Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.
23
Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur.
24
Ing wektu iku Israel bakal dadi kang katelu sawuse Mesir lan Asyur, sawijining berkah ana ing bumi,
25
kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kalawan pangandika: “Binerkahana Mesir, umatingSun, lan Asyur, pakaryaning astaningSun, sarta Israel warisaningSun.”
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 20 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66