bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 48
Isaiah 48
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 47
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 49 →
1
Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub, kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israel lan kang padha dadi turune Yehuda, kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwah tuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel -- nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati --
2
malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha suci lan sumendhe marang Gusti Allahe Israel, Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane;
3
pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lelakon-lelakon kang wus kapungkur wus Sunwartakake wiwit ing jaman kuna, iku wus Sunngandikakake lan wus Sunpratelakake. Sawuse mangkono iku banjur dadakan Suntindakake uga sarta iku kabeh wus padha kelakon.
4
Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe,
5
mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula; sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira, supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku, recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.
6
Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga; apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe? Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki, tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi.
7
Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen; sadurunge sira ora krungu bab iku, iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok!
8
Sira ora krungu utawa sumurup, uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula; nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget, lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.
9
Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSun lan marga saka misuwuringSun, Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.
10
Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka, nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.
11
AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak, amarga asmaningSun kok arep kanajisake! Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”
12
“Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!
13
AstaningSun kang uga nalesi bumi, tuwin astaningSun tengen kang njereng langit. Nalika Ingsun nyebut jenenge, banjur padha muncul jumedhul kabeh.
14
Sira padha nglumpuka kabeh lan ngrungokna! Sapa panunggalane kang mratelakake iki kabeh? Wong kang kinasihan dening Pangeran Yehuwah bakal nindakake karsaning Yehuwah tumrap Babil lan ngatonake kakiyataning astane Sang Yehuwah marang wong Kasdim.
15
Ingsun, iya Ingsun kang ngandika mangkono tuwin kang nimbali uga, Ingsun kang nekakake wong iku lan sakehing tumindake bakal kasembadan.
16
Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna: Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidheman lan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.” Tuwin saiki Gusti Allah ngutus aku kalawan Rohe.
17
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.
18
Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.
19
Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”
20
Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”
21
Wong iku padha ora kasatan, nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun; Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang. Gununge parang kebengkah banjur metu banyune.
22
“Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu!” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
← Chapter 47
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 49 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66