bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 66
Isaiah 66
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 65
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
1
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?
2
Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.
3
Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,
4
mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong iku tuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine; amarga manawa Ingsun nimbali, ora ana kang ngaturake wangsulan, manawa Ingsun ngandika, ora padha ngrungokake, nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSun sarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun.
5
Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.
6
Rungokna, ana swara rame saka ing kutha, rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci! Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwales marang para satrune!
7
Sadurunge nglarani wus nglairake anak, sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.
8
Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku, sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku? Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina, tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan? Nanging lagi bae nglarani, Sion wus nglairake anak-anake.
9
Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong, apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi, banjur nutupi guwa-garbane maneh?, mangkono pangandikane Gusti Allahira.
10
Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem, he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki! Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira, he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,
11
supaya kowe padha nusu nganti wareg marang susu kang nyegerake kowe kabeh, supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.
12
Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha iku karahayon kayadene kali, tuwin kasugihane para bangsa kayadene kali kang luber; sira bakal padha nusu, bakal digendhong, bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.
13
Kayadene wong kang dilipur dening biyunge, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabeh; sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.
14
Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.
15
Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni, tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus, prelu ndhawahake bebendune kang mulad-mulad lan dedukane kang murub mangalad-alad.
16
Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang urip kalawan geni lan kalawan pedhange, lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwah iku bakal akeh cacahe.
17
Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa, kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe, kang mangan daging babi lan kewan-kewan kang najis lan tikus, iku bakal padha sirna kabeh babar pisan, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
18
Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun.
19
Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.
20
Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.
21
Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
22
Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyar kang bakal Suntitahake iku, tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari.
23
Sasi gumanti sasi, lan Sabat gumanti Sabat, umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
24
Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip.
← Chapter 65
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66