bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 61
Isaiah 61
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 60
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 62 →
1
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,
2
ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah,
3
ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.
4
Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane, sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen; bakal padha mbangun kutha-kutha kang wus dadi gempuran, panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.
5
Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira, sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaninira lan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur.
6
Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwah lan bakal kasebut abdining Allah kita. Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsa tuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau.
7
Minangka lirune anggonira padha kawirangan tikel ping pindho, lan minangka gegentine anggonira kacacad lan kaidonan, sira bakal padha tampa warisan tikel loro ana ing nagaranira tuwin bakal ngrasakake kabungahan kang langgeng.
8
Sabab Ingsun, Yehuwah, remen marang kaadilan lan sengit marang tindak ngrayah lan kaculikan; Ingsun bakal maringi pituwas marang sira kang trep, sarta bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh.
9
Turunira bakal misuwur ana ing satengahe para bangsa, samono uga anak-putunira ana ing antarane para suku bangsa, satemah sakehing wong kang ndeleng bakal padha ngakoni, manawa iku turun kang padha kaberkahan dening Pangeran Yehuwah.
10
Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.
11
Sabab kayadene bumi anggone metokake tetuwuhan, lan kaya kebon kang nukulake winih kang kasebar, iya mangkono iku anggone Pangeran Allah bakal nuwuhake kabeneran lan pepujian ana ing ngarepe sakehing bangsa.
← Chapter 60
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 62 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66