bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 22
Isaiah 22
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 23 →
1
Wangsit tumrap “lebaking wahyu”. Ana apa ta, dene sakehe wongmu padha munggah ing payon-payoning omah,
2
he kutha kang surak-surak rame lan gembira gumuruh, he nagara kang bungah-bungah? Wongmu kang padha mati iku ora marga mati dening pedhang, lan ora gugur ana ing peperangan.
3
Panggedhemu padha lumayu kabeh, padha katawan ora sarana kapanah; wong-wong kang prakosa padha katawan, sanadyan wus padha lumayu adoh banget.
4
Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.”
5
Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane: Panjenengane bakal nggegerake, ngidak-idak lan ngisruhake wong, tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugake sarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!
6
Elam wus nggendhong endhonge, Aram teka nggawa wadya-bala kretan lan jaranan, lan Kir nguculi bunteling tameng.
7
Lebak-lebakmu kang endah dhewe bakal kebak kreta, lan wadya-bala jaranan baris ana ing ngarepe gapura,
8
sarta Yehuda kelangan pangayoman. Ing wektu iku kowe ngawasake marang praboting perang ing “Gedhong Alas”;
9
kowe padha sumurup, manawa temboke kuthane Sang Prabu Dawud wus bengkah-bengkah akeh sarta kowe padha nadhahi banyu ing blumbang ngisor;
10
kowe padha ngetung omah-omah ing Yerusalem, lan omah-omah banjur padha kokbubrahi kanggo nyantosakake tembok;
11
kowe gawe papan tandhon banyu ana ing antarane tembok loro mau kanggo ngwadhahi banyu ing blumbang kang lawas; nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.
12
Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;
13
nanging lah, ing satengahe tinemu kabungahan lan suka-suka, njagal sapi lan nyembeleh wedhus, mangan iwak lan ngombe anggur, kalawan nguwuh: “Ayo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati!”
14
Nanging Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah banjur paring wangsit marang aku lan ngandika mangkene: “Kaluputanira iki sanyata ora bakal kaapura, nganti sira padha mati,” mangkono pangandikane Pangeran, Gustining sarwa tumitah.
15
Mangkene pangandikaning Pangeran, Gustining sarwa tumitah: “Ayo sira nemonana panggedhene kraton iki, Sebna kang ngurus kraton lan pratelaa:
16
Sira duwe kapreluan apa, lan duwe gegayutan karo sapa ana ing kene, dene sira kok ndhudhuk kuburan kanggo kowe ana ing kene, he kang ndhudhuk kuburane ing panggonan kang dhuwur, kang natah panggonane ing gunung parang?
17
Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa! Sira bakal kacepeng kalawan kenceng,
18
lan bakal kagulung kenceng dadi gulungan sarta kaglundhungake kaya bal, menyang ing tanah kang amba; ana ing kono sira bakal mati, lan ana ing kono dununge kreta-kreta kamulyanira, he sira kang gawe wiranging brayate gustinira!
19
Ingsun bakal njongkengake sira saka ing kalungguhanira, lan sira bakal kalungsur saka ing pangkatira.
20
Ing nalika iku Ingsun bakal nimbali abdiningSun, Elyakim anake Hilkia:
21
Iku bakal Sunenggoni jubahira lan sabukira bakal Sunubetake ing lambunge, tuwin pangwasanira bakal Sunparingake marang ing tangane; dheweke banjur bakal dadi bapa tumrap wong ing Yerusalem lan tumrap turune Yehuda.
22
Soroge kadhatone Dawud bakal Sunampilake ing pundhake; manawa wong iku ngengakake, ora ana kang bisa nginebake; manawa nginebake, ora ana kang bisa ngengakake.
23
Ingsun bakal maringi kalungguhan kang santosa marang dheweke, kayadene canthelan kang kapasang kukuh ana ing tembok; mulane banjur dadi palungguhan kang mulya tumrap kulawargane.
24
Sabanjure bakal mikul sakehe tanggung jawab tumrap kulawargane, semen lan trubusan dalasan sakehe piranti kang cilik, wiwit saka bokor nganti grabah pisan.
25
Ing nalika iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah, canthelan kang kapasang kukuh ana ing panggonan kang kukuh iku bakal ora kukuh maneh, satemah banjur tugel lan tiba, lan sakehe tanggungane iku bakal lebur, amarga Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.”
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 23 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66