bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 24
Isaiah 24
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 25 →
1
Lah bumi bakal didadekake suwung dening Sang Yehuwah lan bakal kalebur, lemahe bakal kawalik, sarta kang manggon bakal padha kabuyarake.
2
Nasibing imam bakal kaya rakyat, nasibing lurah bakal kaya batur lanang, nasibing lurahe wadon bakal kaya batur wadon, nasibing wong kang adol bakal kaya kang tuku, nasibe wong kang nyilihake bakal kaya kang nyilih, nasibe wong potang bakal kaya kang utang.
3
Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan, lan bakal dijarah-rayah entek-entekan, awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.
4
Bumi katon susah alum, malah jagad banjur nglayung layu, langit lan bumi nglayung bebarengan.
5
Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni, amarga padha nglanggar angger-angger, ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.
6
Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat, lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman; awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna, lan manungsa bakal mung kari sathithik.
7
Anggur ora gawe bingar maneh, wite anggur nglayung, lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.
8
Swaraning trebang kang gambira wus leren, ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep, lan swaraning clempung kang girang wus leren.
9
Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh, arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.
10
Kutha kang kisruh kaanane wus lebur, saben omah wus tutupan ora kena dileboni.
11
Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur, sakehing kasenengan wus sirna, gambiraning bumi wus ilang.
12
Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan, gapurane wus kagempur lan jugrug.
13
Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi, ana ing satengahe para bangsa, yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun, kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.
14
Wong-wong padha surak-surak sora, marga saka kaluhurane Sang Yehuwah, padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon:
15
“Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan, asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara!”
16
Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan: “Kamulyan kagem Kang Mahaadil!” Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung, kuru nglayung aku. Bilai aku! Sabab para panggarong padha nggarong, malah tanpa leren anggone nggarong!”
17
He para kang manggon ing bumi, kowe bakal padha ketaman ing pagiris, bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.
18
Ing kono sing sapa lumayu marga saka swara kang ngagetake iku bakal kecemplung ing luweng, lan kang munggah saka ing luweng bakal kena ing kala jiret. Amarga cendhela-cendhelaning langit bakal padha kawengakake lan dhasar-dhasaring bumi bakal padha gonjing.
19
Bumi remuk bubuk, bumi gempur ajur bumi gonjang-ganjing.
20
Bumi sempoyong-sempoyong kaya wong mendem lan gonjing kaya gubug katiyup ing angin; dosaning pambalelane tumempuh nggegirisi, mulane banjur rubuh lan ora bakal ngadeg maneh.
21
Ing nalika iku Pangeran Yehuwah tumuli bakal ngukum wadya-balaning langit ing langit lan para ratuning bumi ing bumi.
22
Iku bakal padha kaklumpukake bebarengan, kayadene tahanan kang kalebokake ing luweng; bakal padha kalebokake ing pakunjaran lan bakal padha kaukum sawuse antara lawas.
23
Rembulan purnama bakal rumangsa isin, lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang, amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem, sarta bakal ngatingalake kamulyane ana ing ngarepe para pinituwane umate.
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 25 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66