bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 16
Isaiah 16
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 17 →
1
Wong-wong padha ngirimake cempe marang pamarentahing nagara, saka ing Sela ngliwati pasamunan menyang ing gununge putri Sion.
2
Kaya manuk kang mabur lunga, lan isining susuh kang kagusah, kaya mangkono anake wadon Moab ing pasabrangan-pasabranganing kali Arnon.
3
“Menehana pitutur, nggegegana wewenang, dadia pangeyuban kang edhum ing wayah tengange; wong-wong kang kabuwang padha umpetna, aja medharake bab wong kang padha keplayu!
4
Para wong kang kabuwang saka ing Moab cikben padha mondhok ing panggonanmu, dadia papan pandhelikane wong-wong iku tumrap kang arep nyirnakake! Samangsa pangroda-peksa wus ora ana, pangrusak wus kapungkur lan wong ambek siya wus sirna saka ing nagara,
5
banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawud dening sawijining hakim kang njejegake kaadilan, lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”
6
Aku wus padha krungu bab angkuhe Moab, pancen angkuh banget iku, bab kumlungkunge, angkuhe lan sumengite, sarta anggone ngoceh kang ora bener.
7
Mulane cikbene wong Moab ngadhuh-adhuh, kang siji marga saka sijine, cikben kabeh padha ngadhuh-adhuh. Marga kelingan marang kuwih kismis saka ing Kir-Hareset cikben padha sesambat lan remuk babar pisan!
8
Amarga kebon-kebon ing Hesybon lan wit anggur ing Sibma wus padha nglayung; para kang nyekel pangwasa tumrap bangsa-bangsa wus padha mbabadi wit-wite anggur kang becik dhewe, kang biyen ngembyah tekan ing Yaezer lan mrambat tekan ing pasamunan; pang-pange pating tlolor tekan ing sabranging sagara.
9
Mulane aku melu nangis kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau; kowe arep daktelesi kalawan eluhku, he Hesybon lan Eleale, amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang.
10
Wus sirna kabungahan lan surak-surak saka ing kebon wowohan; wus ilang saka ing kebon-kebon anggur swara giyak-giyak lan surak-surak; wus ora ana kang ngidak-idak ing papan pameresan, anggone sumyak-sumyak wus leren.
11
Awit saka iku kaya dene cumengkling ing clempung, iya kaya mangkono panjeriting atiku ndeleng kaanane Moab, lan batinku rontog nyumurupi kaanane Kir-Heres.
12
Mulane sanadyan Moab ngibadah lan dilabuhi ngrekasa banget ana ing tengger pangurbanan lan lumebu ing pasucene prelu ndedonga, ora bakal oleh apa-apa.
13
Yaiku pangandika kang kalairake dening Sang Yehuwah bab Moab ing wektu kepungkur.
14
Mulane saiki Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ing sajroning telung taun, manut wektu panyambut-gawene prajurit opahan, kamulyane Moab kalawan karameane kang gedhe, bakal dadi cecamahan, lan wong kang kari bakal sethithik banget lan ora kwasa.”
← Chapter 15
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 17 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66