bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 3
Isaiah 3
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 4 →
1
Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sanyata bakal ngedohake saka Yerusalem lan Yehuda saben wong kang padha dadi andel-andele, sakehe tandhon pangan lan omben-omben:
2
Wong prawira lan prajurit, hakim lan nabi, juru tenung lan pinituwa,
3
paneket lan panggedhe, penasehat lan ahli sikir, sarta juru japa-mantra.
4
Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine, lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh.
5
Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan.
6
Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu: “Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadaya saha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”
7
ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli: “Aku emoh dadi dhokter; ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah; aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”
8
Yerusalem sanyata wus ambruk lan Yehuda wus rubuh, amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah sarta padha nantng marang tingale kang mulya.
9
Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku! Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.
10
Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.
11
Bilai wong duraka iku! Bakal katempuh ing bilai, amarga bakal dietrapi manut panggawene dhewe.
12
Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!
13
Pangeran Yehuwah bakal lenggah ngasta pangadilan lan jumeneng prelu ngadili para bangsa.
14
Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk.
15
Yagene sira padha niksa umatingSun lan nganiaya para wong kang katindhes?” mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.
16
Pangeran Yehuwah ngandika: Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune tuwin kalawan main mata, sarta lakune digawe-gawe kalawan gelange sikil kang kumrincing,
17
mulane Pangeran bakal ndadosake sirahe wanita Sion padha kebak borok tuwin Pangeran Yehuwah bakal nyukur rambute ing sisihing bathuke.
18
Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,
19
rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,
20
rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;
21
ali-ali cap lan anting-anting irung;
22
sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;
23
pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.
24
Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin, pending bakal disalini tali, rambut klabangan disalini gundhul, sandhangan pesta disalini bagor rupa ayu disalini cacad.
25
Wong-wongira bakal padha tiwas dening pedhang, lan para pahlawanira marga perang.
26
Gapura-gapurane Sion bakal sambat-sambat lan prihatin, sarta kutha iku bakal kaya wong wadon plonthos kang nglosot ing bumi.
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66