bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 34
Isaiah 34
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 35 →
1
He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna, lan padha nggatekna, he para suku bangsa! Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu, uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.
2
Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa, lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane; iku wus padha kadhewekake bakal katumpes lan kapasrahake supaya padha disembeleh.
3
Wong kang mati dipateni bakal kabuwang, lan bathange bakal padha mambu blarongan; gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe.
4
Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes, tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan, kabeh wadya-balane bakal gugur kaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur, lan kaya gogroge godhong anjir.
5
Sabab pedhangingSun kang ana ing langit wus ngamuk, delengen, iku wus tumurun ngakimi Edom, bangsa kang wus Sunpiyambakake supaya katumpes.
6
Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih lan gupak gajih akeh banget, yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanang tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang. Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom.
7
Bantheng-bantheng bakal padha ambruk mati bebarengan karo wedhus gembel lan wedhus liyane mau, lan sapi-sapi lanang kang enom bebarengan karo sapi-sapi lanang kang prakosa, nagarane bakal warata karesepan ing getih, sarta tanahe kebak gajih.
8
Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwales lan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion.
9
Kali-kaline Edom bakal malih dadi kali latung, tuwin lemahe dadi walirang; nagarane bakal dadi latung kang murub makantar-kantar.
10
Rina wengi ora bakal mati-mati, kukuse kumelun salawas-lawase. Nagara iku bakal dadi jugrugan turun-tumurun, tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono.
11
Banyak gondhok lan landhak kang bakal manggon ing kono. manuk beluk lan gagak bakal dumunung ana ing kono. Pangeran Yehuwah bakal ndadosake worsuh nagara iku sarta kadadosake suwung ngetrepi rancangane.
12
Jim-jim bakal manggon ana ing kono, lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh; wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono, tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna.
13
Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine, lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge, satemah dadi papan padununganing asu ajag, tuwin dadi panggonaning manuk unta.
14
Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas, sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono; memedi bakal ana ing kono tuwin bakal oleh papan panggonan.
15
Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing kono tuwin angrem nganti edhoge padha netes; manuk beri padha krompolan ana ing kono, padha jodhon-jodhon.
16
Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen; makhluk-makhluk iku mau kabeh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kelangan kancane; amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah, sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.
17
Panjenengane piyambak wus mbucal undhi lan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran; makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawase lan ana ing kono turun-tumurun.
← Chapter 33
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 35 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66