bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 25
Isaiah 25
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 26 →
1
Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula; kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka; amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.
2
Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela, saha kitha-beteng punika dados jugrugan; purining bangsa manca sampun sanes kitha malih, lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.
3
Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka; kithaning para bangsa ingkang prakosa badhe ajrih-asih dhumateng Paduka.
4
Amargi Paduka dados papan pangungsenipun para tiyang ingkang sekeng, dados papan pangungsenipun tiyang miskin ing salebeting karupekanipun, dados pangayoman tumrap wontenipun prahara, dados pangeyuban manawi pinuju benter sumelet, awit kanepsonipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung punika kadosdene prahara ing mangsa asrep,
5
kados benter gumeplang ing papan garing. Gumederipun para tiyang ngamanca Paduka kendelaken; kadosdene benter sumelet ingkang kasirnakaken dening aubing mega, inggih makaten anggening kekidunganipun para tiyang ingkang prakosa gumunggung sami kasirep.
6
Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi ana ing gunung Sion kene bakal nganakake bujana kanggo sakehing bangsa arupa olah-olahan kang gurih, bujana kang awujud anggur lawas, olah-olahan kang gurih lan mawa sungsum, anggur lawas kang kasaring endheg-endhege.
7
Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuwek sandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsa lan kemul kang dikemulake marang sakehing para bangsa.
8
Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.
9
Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu: “Iki sanyata Gusti Allah kita, kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet. Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti; ayo kita padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwaran kang kaparingake!”
10
Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki, nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe, kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.
11
Manawa Moab ngegarake tangane ana ing jerone kaya patrape wong nglangi kang ngegarake tangane supaya bisa nglangi, Sang Yehuwah banjur bakal ngesorake kumlungkunge dalasan sakehe pambudi-dayane.
12
Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur bakal kaebrukake lan karubuhake, sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 26 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66