bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 43
Isaiah 43
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 44 →
1
Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.
2
Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.
3
Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira, Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira. Mesir Sunagem nebus sira, lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.
4
Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira, mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira, tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.
5
Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira, Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan, sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon.
6
Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,
7
yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun, kang Suntitahake kagem kamulyaningSun, kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”
8
Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate, kang budheg sanadyan duwe kuping!
9
Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku, lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku! Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki, kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen? Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput; wong kareben krungu lan banjur celathu: “Bener mangkono!”
10
“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.
11
Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.
12
Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta, tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira. Sira iku padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah, “lan Ingsun iki Allah.
13
Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”
14
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babil lan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh, tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.
15
Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira, Ratunira kang nitahake Israel.”
16
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,
17
kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang, uga wadya-bala lan wong prakosa -- iku padha gumlethak, ora bisa tangi, wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --.
18
Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur, lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna!
19
Lah Ingsun karsa damel kang anyar, kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup? Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samun lan kali-kali ana ing pasamunan.
20
Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun, asu ajag lan manuk unta, awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samun lan kali kang padha mili ing pasamunan, kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;
21
umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsun iku bakal martakake misuwuringSun.”
22
“Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub, sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.
23
Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.
24
Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit, utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira. Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira, sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.
25
Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.
26
Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran, ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener!
27
Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa, lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun.
28
Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen, lan kepeksa ngulungake yakub supaya katumpes sarta Israel supaya dicecamah.”
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 44 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66