bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 5
Isaiah 5
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 6 →
1
Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku, kidunge kekasihku bab pakebonane anggur: Kekasihku iku kagungan pakebonan anggur ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.
2
Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi, nuli ditanduri wit anggur pilihan; banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau. Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur; sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.
3
Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem, lan para wong Yehuda, padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.
4
Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?
5
Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira, apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku: Ingsun bakal mecoki pagere eri, satemah pakebonan iku entek kapangan, lan temboke bakal Sunjugrugake satemah pakebonan iku kaidak-idak.
6
Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan, ora dipaprasi lan ora dibabadi, satemah kathukulan piskucing lan suket; Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung, supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.
7
Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah iku turune Israel, lan para wong Yehuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.
8
Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine, nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!
9
Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah: “Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring; omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becik bakal ora ana kang ngenggoni.
10
Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dina pametune anggur mung sa-bat; tuwin winih sa-homer pametune gandum mung sa-efa.”
11
Bilai para wong kang tangi esuk lan banjur golek inuman keras, sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi, kanthi ngangetake awake kalawan anggur!
12
Clempung lan slukat, trebang lan suling, apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau, nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah, sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.
13
Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwangan awit ora ngreti apa-apa; wong kang mulya bakal padha mati kaliren, tuwin wong akeh bakal padha kasatan.
14
Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba banget lan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan, satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem, sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.
15
Manungsa banjur bakal kadhingklukake, lan wong bakal kaesorake, para wong gumunggung uga kaesorake.
16
Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane, lan gusti Allah Kang Mahasuci bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.
17
Wedhus gembel bakal padha nyenggut ing kono kaya ana ing pangonane dhewe tuwin wedhus-wedhus bakal padha golek pangan ana ing jugrugane gedhong-gedhonge wong sugih.
18
Bilai para wong kang mancing kaluputan kalawan talining kadursilan lan dosa kaya nganggo kendharating grobag,
19
kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age lan enggal-enggal nindakake pakaryane, supaya kita padha sumurup; sarta karampungane Kang Mahasuci, Gusti Allah Israel, dimen teka nyedhak, supaya kita padha weruh.”
20
Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait.
21
Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana, kang nganggep awake dhewe pinter!
22
Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keras kang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras;
23
kang mbenerake wong duraka marga dibeseli lan kang nyelaki wewenange wong bener.
24
Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami, lan kaya suket aking kang sirna dening geni, kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok, tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu, amarga wong-wong mau wus padha nampik piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
25
Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate, diagagi astane sarta tumuli kapupuh; gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong mau bakal kaya rereged ana ing tengah dalan. Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendha lan astane isih diagagake.
26
Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh, lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi; iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!
27
Panunggalane ora ana kang kesel lan ora ana kang kesandhung, ora padha ngantuk utawa keturon, ora ana kang ucul sabuke, ora ana kang pedhot talining trumpahe;
28
panahe padha dilandhepake lan sakehe gendhewane padha kapenthang; tracake jarane atose kaya watu geni tuwin rodhane kretane kaya lesus.
29
Panggerone kaya singa wadon, padha nggero kaya singa enom; padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane, nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.
30
Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputan ing swara kaya gumlegere sagara. Manawa wong ngawasake marang ing bumi, lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki, sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung!
← Chapter 4
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 6 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66