bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 31
Isaiah 31
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 32 →
1
Bilai para wong kang lunga menyang ing tanah Mesir njaluk tulung, kang ngandelake marang jaran, kang pracaya marang kretane kang akeh banget, lan marang bala jaranan kang cacahe akeh banget, nanging ora tumenga marng Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan ora nggoleki Pangeran Yehuwah.
2
Nanging panjenengane kang wicaksana iku bakal ndhatengake bilai, tuwin ora nyelet pangandikane; Panjenengane bakal tumandang nglawan marang jinis duraka, sarta nglawan marang wadya-bala bantuane para wong kang ambek siya.
3
Amarga wong Mesir iku manungsa, dudu Allah, lan jaran-jarane iku makhluk kang ringkih, dudu roh kang kadunungan pangwasa. Manawa Pangeran Yehuwah ngacungake astane, kang mbiyantu banjur keplesed lan kang dibiyantu nuli tiba, sarta kabeh tumuli padha tiwas bebarengan.
4
Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.
5
Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe, iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem, ngayomi lan paring pangluwaran, rumeksa lan ngedohi bilai.”
6
He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!
7
Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala-brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa.
8
Asyur bakal ambruk dening pedhang, nanging dudu pedhanging wong, lan bakal kamangsa dening pedhang nganti gusis, nanging dudu pedhanging manungsa, sarta bakal keplayu nyingkiri pedhang, tuwin wonge nom-noman bakal padha dadi kuli wajib.
9
Kang ngayomi bakal sirna marga saka giris, sarta panggedhening perang bakal kaget banjur lumayu ninggal genderane, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah kang kagungan geni ana ing Sion lan pawon ana ing Yerusalem.
← Chapter 30
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 32 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66