bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 13
Isaiah 13
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 14 →
1
Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.
2
Masanga gendera ana ing gunung kang gundhul, nguwuh-uwuha marang para wong iku kalawan swara sora; ngawe-awea supaya iku padha lumebu ing gapura-gapurane para wong luhur!
3
Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake, wus nimbali para wongingSun kang prakosa supaya matrapi paukumaning bebenduningSun, marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.
4
Ana swara rame ing gunung-gunung, kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe! Swara gumuruhing karajan-karajan, lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk! Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah lagi niti-priksa wadya-bala perang.
5
Iku padha teka saka ing nagara kang adoh, malah saka ing poncoting langit, yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukane arep padha ngrusak saindenging bumi.
6
Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak, tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.
7
Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh,
8
sarta wong-wong bakal padha kaget. Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau, padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan, raine padha kaya wong kang lara kadhemen.
9
Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas, kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad, arep damel sepi mamringing bumi arep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa.
10
Sabab lintang-lintang lan golongane ing langit bakal ora padha nyunarake cahyane; srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek, lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.
11
Ingsun bakal males pialane donya, lan kaluputane wong duraka; gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi, sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.
12
Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa, lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.
13
Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit, lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane, yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.
14
Kayadene kidang kang kaoyak-oyak lan kayadene wedhus kang ora diengon, kaya mangkono wong-wong bakal padha noleh marang bangsane dhewe-dhewe, lan padha lumayu marang nagarane dhewe-dhewe.
15
Saben wong kecandhak bakal disuduk, lan saben wong kang kecekel bakal ambruk mati dening pedhang.
16
Bayi-bayine bakal padha karemuk ana ing ngarepe, omah-omahe bakal padha karampog lan bojo-bojone bakal padha diwori turu.
17
Lah Ingsun nglurugake wong Madai nglawan marang wong-wong mau, wong-wong kang ora padha mreduli marang salaka lan ora seneng marang emas.
18
Panah-panahe bakal nembus para wong enom; wong-wong mau padha ora bakal welas marang wohing wetengan, lan ora padha welas marang bocah-bocah.
19
Lan Babil, kang dadi kaendahaning para karajan, rerengganing wong Kasdim kang linuwih, bakal padha kaya Sodom lan Gomora yaiku samangsa padha kaobrak-abrik dening Gusti Allah:
20
ing sateruse bakal ora ana wonge, lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun; wong Arab ora bakal ngedegake tarub ana ing kono, lan para pangon ora bakal ngolehake kewane padha mlegung ana ing kono,
21
dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun, lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk, manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono, lan jim-jim kang padha lincak-lincak;
22
asu alas bakal padha mbaung ana ing kadhaton-kadhatone, tuwin asu ajag ana ing kraton-kratoning kasenengan. Wektune bakal enggal teka, sarta dina-dinane ora bakal diulur.
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66