bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Isaiah 23
Isaiah 23
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 24 →
1
Wangsit tumrap Tirus. Ngadhuh-adhuha, he kapal Tarsis, sabab Tirus wus rusak, omahmu utawa pelabuhanmu wus ora ana! Nalika isih padha ana ing nagarane wong Kitim bab iku wus disumurupake.
2
Padha dheleg-dhelega, he kang padha manggon ing pasisir, he sudagar Sidon, kongkonamu padha nyabrang ing sagara, lan lelayar ing samodra gedhe;
3
barang-barang kang dilebokake marang Sidon yaiku gandum saka ing Sihor, lan pametune wilayah Nil, satemah kutha iku dadi pasar kanggo para bangsa.
4
Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara, betenge sagara, celathu mangkene: “Aku ora tau uwat lan ora tau manak, aku ora tau nggulawenthah jejaka lan ora tau ngopeni prawan-prawan.”
5
Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir, wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku.
6
Padha ngungsia menyang ing Tarsis, padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir!
7
Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak, kang asale saka ing jaman kuna? Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adoh lan dadi wong neneka ana ing kana.
8
Sapa kang mutus mangkene iki tumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha, kang sudagar-sudagare para panggedhe lan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?
9
Pangeran Yehuwah Gustining para tumitah kang wus damel putusan mangkono kanggo nyirnakake piangkuh, kanggo ngesorake sakehe kang endah lan sakehe wong mulya ing bumi.
10
Garapen pategalanmu kaya kang ana ing pinggiring bengawan Nil, he putri Tarsis, panggonan-panggonan kanggo ndandani kapal wus ora ana!
11
Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.
12
Sarta wus ngandika: “Sira ora bakal bungah-bungah maneh, he prawan kang wus karusak, he putri Sidon! Ngadega, ngungsia marang wong Kitim! Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”
13
Delengen nagarane wong Kasdim! Iya bangsa iku kang nindakake mangkono, dudu wong Asyur. Iku kang padha ngulungake Tirus marang kewan-kewan ing ara-ara samun; iku wus padha ngedegake menara-menara pangepungan lan wus nggempur puri-purining kutha iku sarta ndadekake gempuran kutha iku.
14
Sesambata, he kapal-kapal Tarsis, sabab betengmu wus karusak.
15
Ing nalika iku Tirus bakal ora dielingi pitung puluh taun lawase, padha karo yuswaning ratu. Sawuse pitung puluh taun, Tirus bakal ngalami apa kang tumanduk marang wanita tunasusila kang kamot ing kekidungan iki:
16
“Nggawaa clempung, ngubengana kutha, he wanita tunasusila kang wus ora kaelingan! Unekna kang apik, sesindhena kang warna-warna, supaya kowe dielingi ing wong.”
17
Lan sawuse kliwat pitung puluh taun, Sang Yehuwah bakal nggalih marang Tirus, satemah banjur tampa opahing kanisthane maneh, lan banjur bakal tumindak nistha maneh karo sakehing karajan ing salumahing bumi.
18
Babathene lan opahing kanisthane bakal suci kagem Sang Yehuwah, ora bakal diendheg utawa disimpen, nanging bebathene iku bakal kanggo nganakake pangan kang cukup lan sandhangan kang endah kanggo para wong kang padha manggon ing ngarsaning Yehuwah.
← Chapter 22
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 53
Chapter 54
Chapter 55
Chapter 56
Chapter 57
Chapter 58
Chapter 59
Chapter 60
Chapter 61
Chapter 62
Chapter 63
Chapter 64
Chapter 65
Chapter 66
Chapter 24 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
53
54
55
56
57
58
59
60
61
62
63
64
65
66